Kanggo lurah pasindhen binarung ing swaraning clempung. Manut lagu: Kang kawolu. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud. (6-2) Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun Paduka ukum kalayan bebendu Paduka, mugi sampun Paduka perdi kalayan bramantya Paduka.
(6-6) Awit ing salebetipun pejah boten wonten tiyang ingkang ngenget-enget dhumateng Paduka, wonten ing teleng palimengan sinten ingkang badhe memuji dhumateng Paduka?
6
(6-7) Kawula sampun lesah margi saking pangesah kawula, ing saben dalu patileman kawula kebesan ing luh kawula, amben kawula kawula benani kalayan luh kawula.
7
(6-8) Mripat kawula ngantos pendul margi saking sisah, sarta lamur jalaran kathahing tiyang ingkang ngrupeki manah kawula.
8
(6-9) Heh wong kang padha gawe piala, sumingkira saka ing ngarepku, amarga Sang Yehuwah wus miyarsa tangisku.
9
(6-10) Sang Yehuwah wus mireng panyuwunku, Sang Yehuwah nampeni pandongaku.
10
(6-11) Sakehing satruku padha kawirangan sarta kaget banget, lan mundur sakal tuwin kawirangan kabeh.