Miktam. Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa rumeksa dhumateng kawula, amargi kawula ngayom dhumateng Paduka.
2
Unjukku marang Sang Yehuwah mangkene: “Paduka punika Gusti kawula, tumrap kawula boten wonten ingkang sae kajawi Paduka.”
3
Para suci ingkang wonten ing tanah ngriki, punika sami tiyang mulya ingkang tansah dados kabingahan kawula.
4
Tiyang ingkang nyembah allah sanesipun punika kasisahanipun sangsaya mindhak ageng; kurbanipun sok-sokan rah kawula boten tumut nyaosaken; namanipun ugi boten kula ucapaken ing lambe kawula.
5
Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang dados panduman warisan saha tuwung kawula. Paduka piyambak ingkang murugaken panduman ingkang kaundhekaken dhateng kawula saged lestantun.
6
Dhawahipun tangsul pangukur ingkang kangge kawula wonten ing papan ingkang nengsemaken; siti pusaka kawula ngresepaken manah kawula.
7
Aku ngalembana marang Sang Yehuwah, kang paring pitedah marang aku; malah ing wayah bengi aku digegulang dening telenging batinku.
8
Aku tansah madhep marang Sang Yehuwah, manawa Panjenengane jumeneng ana ing tengenku, aku mesthi ora nganti keguh.
9
Mulane atiku bungah-bungah lan nyawaku asurak-surak, malah dagingku bakal manggon kalawan tentrem.
10
Amargi Paduka boten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan; Paduka boten marengaken manawi kekasih Paduka ngantosa sumerep kluwat.
11
Paduka ingkang nedahaken margining gesang dhateng kawula; kabingahan pinanggih luber wonten ing ngarsa Paduka; ing asta Paduka ingkang tengen wonten kanikmatan ingkang langgeng.