Psa 33

? AI
1
He para wong mursid, padha asurak-suraka ana ing Sang Yehuwah! Awit wus samesthine, manawa wong tulus atine padha memuji.
2
Padha saosa puji sokur marang Sang Yehuwah kalawan clempung, kidungna masmur kalawan slukat akawat sepuluh.
3
Kidungna kekidungan anyar; diprigel panabuhmu kanthi swara kang rame!
4
Sebab pangandikane Sang Yehuwah iku nyata, samubarang kabeh katindakake kalawan setya tuhu.
5
Panjenengane karenan marang kang bener lan adil; bumi kebak ing sih-kamurahaning Yehuwah.
6
Sakehing langit padha katitahake dening sabdane Pangeran Yehuwah, sakehing balane dening napasing lesane.
7
Banyuning segara dikumpulake kaya bebendungan, samodra gedhe dilebokake ing wadhah.
8
Salumahing bumi cikben padha wedi marang Sang Yehuwah, wong saisining jagad cikben padha gumeter ana ing ngarsane!
9
Amarga Panjenengane ngandika, kabeh banjur dadi; Panjenengane dhawuh, kabeh banjur ana.
10
Sang Yehuwah nggagalake rancangane para bangsa; murungake rancangane para suku bangsa;
11
nanging karsane Sang Yehuwah iku tetep ing salawase, tuwin ciptaning galih iku turun-tumurun.
12
Rahayu bangsa kang nganggep Sang Yehuwah dadi Allahe, sarta suku bangsa kang kapilih iku dadi kagungane!
13
Pangeran Yehuwah maspaosake saka ing swarga, lan mirsani sakehing anake manungsa;
14
saka ing padalemane nguningani sakehing isine bumi.
15
Kabeh padha diwangun atine, sarta digatosake apa sapanggawene.
16
Kaslametaning raja iku ora jalaran saka gedhening pangwasane; pahlawan iku ora bakal kapitulungan marga saka gedhening kakuwatane.
17
Jaran iku tangeh yen marakake unggul, lan karosane kang ngedab-edabi ora njalari bisa oncat.
18
Lan paningale Sang Yehuwah nguningani wong kang padha wedi marang Panjenengane, sarta nganti-anti marang sih-kadarmane,
19
supaya nyawane kauwalake saka ing pati, sarta padha diuripi ing mangsa paceklik.
20
Nyawa kita nganti-anti marang Sang Yehuwah. Panjenengane iku pitulungan lan tetameng kita.
21
Sanyata ati kita bungah marga saka Panjenengane, awit kita pracaya marang asmane kang suci.
22
Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka lumuntura dhateng kawula sadaya, kadosdene pangantos-antos kawula sadaya dhumateng Paduka.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform