Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud abdine Sang Yehuwah. (36-2) Dosa iku celathu marang wong duraka ana ing sajroning atine; ing batine ora tinemu rasa wedi-asih marang Allah,
2
(36-3) sabab wong mau mbebujuk marang awake dhewe, nganti wong nyumurupi kaluputane lan sengit marang iku.
3
(36-4) Tembung kang kawetu saka cangkeme iku isi piala lan kaculikan, wis mari anggone tumindak wicaksana lan nglakoni kabecikan.
4
(36-5) Ana ing paturone ngrantam-ngrantam piala, kang diambah dalan kang ora becik, sarta ora nyirik piala.
5
(36-6) Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka punika sundhul ing akasa, saha kasetyan Paduka dumugi ing mega.
6
(36-7) Kaadilan Paduka punika kados redi-redining Allah, pancasan Paduka kados samodra agung ingkang nggegirisi. Dhuh Yehuwah Paduka ingkang mitulungi manungsa lan kewan.
7
(36-8) Iba-iba ajining sih-kamirahan Paduka, dhuh Allah! Para anaking manungsa sami ngungsi dhateng aubing swiwi Paduka.
8
(36-9) Sami katuwukan ing gajih saking padaleman Paduka, sarta Paduka paringi ngombe saking lepening kasukan Paduka.
9
(36-10) Amargi tuking gesang punika wonten ing Paduka; anggen kawula ningali pepadhang namung wonten ing pepadhang Paduka.
10
(36-11) Kamirahan Paduka mugi kaluberna dhateng tiyang ingkang sami tepang kaliyan Paduka, sarta kaadilan Paduka dhateng ing tiyang ingkang tulus manahipun.
11
(36-12) Kawula mugi sampun ngantos kaicak-icak ing sukunipun tiyang gumunggung, utawi katundhung ing tanganipun tiyang duraka.
12
(36-13) Lah punika para tiyang ingkang nglampahi piawon sami dhawah; sami kabanting ngantos boten saged tangi malih.