Psa 38

? AI
1
Masmur anggitane Prabu Dawud nalika nyaosake kurban pengetan. (38-2) Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun ngantos kaukum salebeting bebendu Paduka, sarta kawula sampun ngantos karangket ing salebeting bramantya Paduka;
2
(38-3) amargi kawula ketaman ing panah Paduka, asta Paduka sampun ndhawahi kawula.
3
(38-4) Daging kawula boten wonten ingkang saras margi saking bebendu Paduka, balung kawula boten wonten ingkang wilujeng margi saking dosa kawula;
4
(38-5) amargi piawon kawula sampun tumempuh dhateng ing sirah kawula sadayanipun punika kados momotan ingkang langkung dening awrat saha kawraten tumrap kawula.
5
(38-6) Koreng kawula mambet boten eca, ngemu nanah margi saking bodho kawula.
6
(38-7) Kawula ngantos wungkuk, ngantos mbengkeluk sanget; sadinten muput anggen kawula lumampah sarwi mangangge bagor.
7
(38-8) Bangkekan kawula kebak tatu, saha daging kawula boten wonten ingkang wetah;
8
(38-9) kawula nglempuruk, katelasan kakiyatan, kawula asesambat amargi manah kawula trataban.
9
(38-10) Dhuh Pangeran, Paduka nguningani sadaya pepenginan kawula, sarta boten kesamaran menggah pasambat kawula.
10
(38-11) Manah kawula trataban, kakiyatan kawula telas, saha mripat kawula koncatan sunaripun.
11
(38-12) Mitra saha tetepangan kawula sami sumingkir, margi saking memala kawula, saha sanak-sadherek kawula sami nebih.
12
(38-13) Tiyang ingkang ngarah nyawa kawula sami masang kala-jiret, ingkang murih cilaka kawula sami ngrantam badhe ngrisak kawula, saha saben dinten ngrancang paekan.
13
(38-14) Nanging kawula kados tiyang budheg, boten mireng, lan kados tiyang bisu, ingkang boten mbikak cangkemipun.
14
(38-15) Malah kados tiyang ingkang boten mireng, lan cangkemipun boten saged mabeni.
15
(38-16) Dene Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng, dhuh Yehuwah; Paduka ingkang badhe maringi wangsulan, dhuh Pangeran Allah kawula.
16
(38-17) Gagasan kawula makaten: “Anggeripun tiyang punika sampun ngantos bingah-bingah margi saking kawula, sampun ngantos gumunggung manawi suku kawula gloyoran!”
17
(38-18) Awit kawula badhe dhawah jalaran kasandhung, saha kawula tansah karidhu ing sakit.
18
(38-19) Dene kawula ngakeni kalepatan kawula, kawula melang-melang margi saking dosa kawula.
19
(38-20) Mengsah kawula kathah sanget, tuwin kathah tiyang ingkang sengit dhumateng kawula tanpa sabab;
20
(38-21) tiyang ingkang males awon dhateng kasaenan kawula, sami nglawan kawula, amargi kawula ngudi dhateng kasaenan.
21
(38-22) Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi sampun negakaken kawula, sampun nebihi kawula.
22
(38-23) Mugi enggala mitulungi kawula, dhuh Pangeran, Pamarta kawula!
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform