Kanggo lurah pasindhen. Kidung piwulang anggitane bani Korakh. (42-2) Kados pangorongipun sangsam dhateng toyaning lepen, inggih makaten kangening nyawa kawula dhumateng Paduka, dhuh Allah.
2
(42-3) Nyawaku ngorong marang Allah, marang Allah kang gesang, besuk kapan anggonku diparengake sowan ndeleng Gusti Allah?
3
(42-4) Luhku kang dakpangan rina lan wengi awit sadina muput aku dicalathoni ing wong mangkene: “Allahmu ana ing ngendi?”
4
(42-5) Iki bakal dakeling-eling, sajrone nyawaku sedhih lan lesu: sarehne wonge akeh banget kapriye bisaku maju ndhisiki wong-wong iku menyang ing padalemaning Allah kalawan surak-surak lan ngrepekake kidung panuwun, ana ing karameaning wong-wong kang padha nganakake pahargyan.
5
(42-6) Dhuh nyawaku, yagene kok tumungkul, lan ngolang-ngaling ana ing jeroku? Ngarep-arepa marang Allah, awit Panjenengane bakal dakpuji, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!
6
(42-7) Nyawa kawula tumungkul wonten ing nglebet kawula, mila kawula lajeng kengetan dhumateng Paduka, saking ing pasitening benawi Yarden lan ing pareden Hermon, saking ing redi Mizar.
7
(42-8) Samodra agung nguwuh-uwuh dhateng sami samodra agung, sareng kaliyan kumrasaking grojogan Paduka; kawula karoban ing sakathahing ombak saha alun Paduka.
8
(42-9) Ing wayah rina Pangeran Yehuwah ndhawuhake sih-kadarman, sarta ing wayah bengi aku ngrepekake kekidungan, pandonga marang Gusti Allahing uripku.
9
(42-10) Unjukku marang Allah peparangku mangkene: “Punapaa dene Paduka boten ngengeti kawula? Punapaa dene kawula kedah gesang kalayan mangangge bagor margi saking panganiayanipun satru?”
10
(42-11) Tiyang ingkang nenacad kawula punika, kados nuwek-nuweka balung kawula, sadinten muput tansah wicanten dhateng kawula makaten: “Allahmu ana ing ngendi?”
11
(42-12) Dhuh nyawaku, yagene kok tumungkul? Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku? Ngarep-arepa marang Gusti Allah! Awit Panjenengane dakpuji maneh, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!