Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Kidung piwulang. (44-2) Dhuh Allah, kawula sampun mireng piyambak, saking para leluhur kawula ingkang sami nyariyosi kawula, bab pakaryan ingkang sampun Paduka tindakaken kala jamanipun, inggih kala jaman kina.
2
(44-3) Bangsa sanes sampun sami Paduka tundhung piyambak kalayan asta Paduka, nanging para leluhur sami Paduka tanem, suku-suku bangsa sami Paduka damel sangsara, nanging para leluhur sami paduka dadosaken tangkar-tumangkar.
3
(44-4) Amargi boten sarana pedhang anggenipun sami ngejegi nagari, sanes tanganipun ingkang murugaken unggul, nanging asta Paduka tengen, bau Paduka saha cahyaning wadana Paduka, sabab sami damel rena Paduka.
4
(44-5) Inggih Paduka piyambak punika ingkang jumeneng dados Raja saha Allah kawula, ingkang ndhawuhaken kaunggulanipun Yakub.
5
(44-6) Kanthi pitulungan Paduka kawula saged ngrebahaken mengsah, sarta margi saking asma Paduka kawula saged ngiles-iles para tiyang ingkang nglawan kawula.
6
(44-7) Amargi sanes panah kawula ingkang kawula andelaken, sanes pedhang kawula ingkang murugaken unggul,
7
(44-8) nanging Paduka ingkang paring kaunggulan dhumateng kawula samangsa kawula nglawan mengsah, saha Paduka ingkang mirangaken tetiyang ingkang sami nyengiti kawula.
8
(44-9) Awit saking Gusti Allah kawula sadinten muput sami ngrepekaken kidung pamuji, sarta asma Paduka sami kawula puji ing salaminipun. (Selah)
9
(44-10) Nanging sapunika kawula sami Paduka kipataken sarta Paduka kendel kemawon, kawula sami kawirangan. Paduka boten miyos ngirid lampahing wadya-bala kawula.
10
(44-11) Paduka damel mundur kawula saking ngajenganing mengsah kawula lan tiyang ingkang sami nyengiti kawula sami njejarah.
11
(44-12) Kawula sami Paduka ulungaken kadosdene menda sembelehan, saha kawula sami Paduka sebar wonten ing antawisipun para bangsa.
12
(44-13) Umat Paduka Paduka sade kanthi lelahanan sarta boten mundhut bathi saking pepajenganipun.
13
(44-14) Kawula sami Paduka dadosaken cacadan tumrap ing tangga-tepalih kawula, kadamel gegujengan saha dipun wirang-wirangaken dening tiyang-tiyang ing sakiwa-tengen kawula.
14
(44-15) Kawula Paduka dadosaken pocapan wonten ing antawisipun para bangsa, tuwin jalaranipun para suku bangsa sami gedheg-gedheg.
15
(44-16) Sadinten muput kanisthan kawula wonten ing ngajeng kawula, sarta rai kawula kasasaban ing kawirangan,
16
(44-17) awit saking tembung-tembungipun tiyang ingkang nenacad saha nyenyamah, wonten ing ngajenging mengsah saha tiyang ingkang ambek remen males awon.
17
(44-18) Sadaya wau sampun dhumawah ing badan kawula, nanging kawula boten kesupen dhumateng Paduka, inggih boten cidra dhumateng prasetya Paduka.
18
(44-19) Manah kawula sami boten mbangkang, saha lampah kawula sami boten nyleweng saking margi Paduka,
19
(44-20) sanadyan Paduka sampun ngremuk kawula wonten ing tengahipun segawon ajag, saha Paduka nglimputi kawula kalayan pepeteng.
20
(44-21) Saupami kawula sami kesupen dhateng asmanipun Gusti Allah kawula, lan ngegaraken tangan kawula dhumateng allah sanesipun,
21
(44-22) punapa Gusti Allah boten badhe nitipriksa ingkang kados makaten punika? Amargi Pangeran rak boten kesamaran wewadosing manah?
22
(44-23) Saestu, awit saking Paduka kawula sami wonten ing salebeting bebaya pejah ing saben dintenipun, saha kasamekaken kaliyan menda sembelehan.