Psa 60

? AI
1
Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Kembang bakung paseksen. Miktam anggitane Prabu Dawud kanggo piwulang, (60-2) nalika perang karo bala Aram-Mesopotamia lan wong Aram-Zoba, sarta sawuse Senapati Yoab bali saka nggecak bala Edom ana ing lebak Asin ngesorake mungsuh kehe rolas ewu. (60-3) Dhuh Allah, kawula sampun sami Paduka tampik, beteng kawula sampun Paduka bedhah; Paduka duka; Paduka mugi karsaa ndandosi kawula!
2
(60-4) Bumi sampun Paduka gonjingaken saha Paduka belah; ingkang pecah mugi Paduka pulihaken malih, awit bumi sampun gonjing.
3
(60-5) Umat Paduka sampun paduka damel rekaos sanget, kawula sampun sami Paduka ombeni anggur ingkang mendemi.
4
(60-6) Paduka sampun maringi umbul-umbul dhumateng tiyang-tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka, minangka pratandha supados amping-amping ngoncati panah. (Selah)
5
(60-7) Supados para ingkang Paduka kasihi saged oncat, Paduka mugi karsaa paring pangluwaran klayan asta Paduka tengen saha kawula mugi sami kaparingana wangsulan!
6
(60-8) Gusti Allah sampun ngandika wonten ing dalem pasucenipun: “Ingsun karsa suka-suka parisuka, tanah Sikhem bakal Sunbagi, sarta lebak Sukot bakal Sunukur.
7
(60-9) Gilead iku kagunganingSun, Manasye iku kagunganingSun, Efraim iku tetoponging mustakaningSun, Yahuda iku jungkating kepraboningSun;
8
(60-10) Moab iku papan pawijikaningSun, Edom Sunbalang kalawan trumpahingSun, marga saka Filisti Ingsun asurak-surak.”
9
(60-11) Sapa kang bakal ngirid aku lumebu ing kutha kang santosa? Sapa kang nuntun aku menyang ing tanah Edom?
10
(60-12) Punapa sanes Paduka dhuh Allah, ingkang sampun nampik kawula, sarta boten majeng, dhuh Allah, sareng kalayan bala kawula?
11
(60-13) Dhuh Gusti Allah, Paduka mugi karsaa paring pitulungan dhumateng kawula sadaya nglawan mengsah, amargi pitulunganing manungsa punika muspra.
12
(60-14) Manawa kinanthi ing Allah kita bakal nindakake kaprawiran, awit Pangeran piyambak bakal ngiles-iles sakehing mungsuh kita.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform