Psa 65

? AI
1
Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. Kidungan. (65-2) Dhuh Allah, pepujian punika kagem Paduka wonten ing Sion, sarta tiyang ngluwari nadar wonten ing ngarsa Paduka.
2
(65-3) Paduka ingkang midhangetaken pandonga. Sadaya ingkang gesang sowan wonten ing ngarsa Paduka
3
(65-4) amargi kalepatan. Manawi panerak kawula nglangkungi kakiyatan kawula, Paduka ingkang nglebur.
4
(65-5) Rahayu tiyang ingkang Paduka pilih sarta Paduka dhawuhi nyelak, supados manggen wonten ing plataran Paduka! Kawula sami katuwukan ing kaendahanipun padaleman Paduka, inggih kadhaton Paduka ingkang suci.
5
(65-6) Dhuh Allah Pamarta kawula, Paduka ingkang dados andel-andelipun salumahing bumi, dalasan pulo ingkang tebih-tebih; kalayan pandamel ingkang ngedab-edabi sanget saha kalayan kaadilan anggen Paduka paring wangsulan dhumateng kawula.
6
(65-7) Paduka ingkang njejegaken sakathahing redi mawi kakiyatan Paduka, Paduka ingkang apaningset karosan;
7
(65-8) Paduka ingkang nyirep gumuruhipun saganten, sarta jumlegeripun alun, punapadene gegeripun para bangsa!
8
(65-9) Awit saking punika tiyang-tiyang ingkang manggen ing poncot-poncoting bumi sami ajrih dhateng pratandha-pratandha kaelokan Paduka; papan jumedhulipun enjing tuwin sonten, Paduka damel asurak-surak.
9
(65-10) Paduka nuweni bumi saha Paduka paringi kaluberan, kalenipun Gusti Allah peres toyanipun, gandumipun Paduka cawisaken, inggih makaten punika anggen Paduka nyawisaken sadaya-sadayanipun:
10
(65-11) Aluranipun Paduka elebi toya, prongkalanipun Paduka telesi, Paduka dadosaken leleran kalayan deresing jawah, tetuwuhanipun Paduka berkahi.
11
(65-12) Taunipun Paduka makuthani klayan kamirahan Paduka, tipaking pada Paduka ngedalaken gajih.
12
(65-13) Pasiten ing ara-ara samun tetes-tetes toyanipun, pareden-pareden sami abingah-bingah,
13
(65-14) pangenan-pangenan sami kebak menda gembel, lebak-lebak sami kinemulan gandum, samudayanipun sami asurak-surak saha sami ngidung-ngidung.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform