Psa 67

? AI
1
Kanggo lurah pasindhen. Binarung swaraning clempung. Masmur. Kidungan. (67-2) Gusti Allah muga paring sih-rahmat lan berkah marang kita, Panjenengane muga karsaa nyunari kita kalawan wadanane, (Selah)
2
(67-3) supados margi Paduka kasumerepan wonten ing bumi, saha karahayon peparing Paduka wonten ing satengahing bangsa sadaya.
3
(67-4) Dhuh Allah, para bangsa mugi sami ngucapa sokur dhumateng Paduka; para bangsa mugi sami ngucap sokur dhumateng Paduka sadaya.
4
(67-5) Para suku bangsa mugi sami sukarenaa, tuwin surak-suraka, amargi Paduka ngereh para bangsa kanthi adil, lan para suku bangsa ing salumahing bumi sami Paduka tuntun. (Selah)
5
(67-6) Dhuh Allah, para bangsa mugi sami memujia dhumateng Paduka, Paduka pinujia dening sadaya bangsa.
6
(67-7) Bumi wus menehake pametune, Gusti Allah, Allah kita mberkahi kita.
7
(67-8) Gusti Allah mberkahi kita; salumahing bumi muga ngabektia marang Panjenengane.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform