Psa 80

? AI
1
Kanggo lurah pasindhen, lagune kaya kidung: Kembang Bakung. Paseksene Asaf. Masmur. (80-2) Dhuh Juru Pangenipun Banisrael, mugi karsaa midhangetaken. Paduka ingkang nggiring bani Yusuf kados pepanthan menda, Paduka ingkang nitih kerub-kerub, mugi karsaa ngatingalaken cahya Paduka,
2
(80-3) wonten ing ngajengipun Efraim kaliyan Benyamin tuwin Manasye. Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasantosan Paduka saha mugi karsaa rawuh ngluwari kawula sadaya.
3
(80-4) Dhuh Allah, kawula mugi sami Paduka pulihaken, mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng.
4
(80-5) Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, taksih pinten laminipun anggen Paduka bendu sanadyan umat Paduka ndedonga?
5
(80-6) Umat Paduka sami Paduka tedhani roti tumatesing luh, Paduka paringi ngombe luh ngantos kathah sanget,
6
(80-7) kawula sami Paduka dadosaken rerebatanipun para tangga-tepalih, saha sami cinampahan ing mengsah-mengsah kawula.
7
(80-8) Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, kawula mugi sami Paduka pulihaken, mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami manggih wilujeng.
8
(80-9) Paduka sampun mundhut wit anggur saking tanah Mesir, para bangsa sami Paduka tundhungi, wit anggur wau lajeng Paduka tanem.
9
(80-10) Paduka sampun nyawisi papan, wit anggur wau lajeng ngoyod lebet sanget saha ngebaki nagari;
10
(80-11) redi-redi sami kayoman ing ayang-ayanganipun, lan wit-wit eres kagunganipun Gusti Allah sami kayoman ing pangpangipun;
11
(80-12) pangipun ingkang alit-alit sami pating tlolor ngantos dumugi ing saganten, sarta elungipun ngantos dumugi ing benawi Efrat.
12
(80-13) Punapa sababipun dene Paduka njugrugaken pageripun, temah dipun pethiki dening tiyang ingkang sami langkung?
13
(80-14) Dipun grogoti ing andhapan, sarta dipun tedha ing kewan-kewan ing ara-ara.
14
(80-15) Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, Paduka mugi karsaa wangsul, mirsanana saking ing swara sarta ningalana. Paduka mugi karsaa nggatosaken wit anggur punika,
15
(80-16) wit ingkang katanem dening asta Paduka ingkang tengen.
16
(80-17) Witipun sampun sami dipun besmeni lan dipun tegori, tiyang-tiyang wau kajengipun sami sirna ical dening bebendu Paduka.
17
(80-18) Paduka mugi karsaa ngreksa dhateng para tiyang ingkang wonten ing sisih tengen Paduka, anakipun manungsa ingkang sampun Paduka kiyataken kagem Paduka piyambak.
18
(80-19) Kawula sami boten badhe nyleweng saking Paduka, kawula mugi Paduka gesangi, satemah sami badhe nyebut ngluhuraken asma Paduka.
19
(80-20) Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, kawula mugi sami Paduka pulihaken, mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform