Psa 87

? AI
1
Masmur anggitane bani Korakh: kidungan. Ing gunung-gunung kang suci ana kutha kang dibangun dening Pangeran.
2
Kori-kori gapuraning Sion luwih dikasihi dening Pangeran Yehuwah, katimbang karo sakehing panggonane darah Yakub.
3
He kuthaning Allah, kowe kasuwurake mungguh prakara-prakara kang mulya. (Selah)
4
Rahab lan Babil Sungolongake para wong kang nganggep marang Ingsun, dalasan nagara Filisti, Tirus tuwin Etiopia: “Iki padha dilairake ana ing kono.”
5
Nanging bab Sion diwartakake: “Wong iku siji-sijine laire padha ana ing kono,” lan Panjenengane, Kang Mahaluhur, kang njejegake.
6
Wong iku mau kabeh padha kawilang dening Pangeran Yehuwah, samangsa nyatheti para bangsa: “Iki laire ana ing kono.” (Selah)
7
Lan wong padha ngidung tuwin jogedan karo seneng-seneng: “Sakehing sumberku ana ing sajroning nagaramu.”
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform