Kidung piwulang, anggitane Etan, wong Ezrahi. (89-2) Sih-susetyaning Yehuwah badhe kawula kidungaken ing salaminipun, kasetyan Paduka badhe kawula suwuraken kaliyan cangkem kawula turun-tumurun.
2
(89-3) Amargi sih-susetya Paduka binangun ing salami-laminipun; kasetyan Paduka jejeg kados langit.
3
(89-4) Paduka sampun ngandika: “Ingsun wus karya prajanjian kalawan pilihaningSun, Ingsun wus supaos marang Dawud, abdiningSun.
4
(89-5) Wijinira Suntetepake ing salawas-lawase, sarta dhamparira Sunbangun nganti turun-tumurun.” (Selah)
5
(89-6) Margi saking punika langit ngucap sokur margi saking kaelokan Paduka, dhuh Yehuwah, malah inggih jalaran saking kasetyan Paduka ing satengahing pasamuwanipun para suci.
6
(89-7) Amarga ing mega-mega iku sapa kang ngembari Pangeran Yehuwah, lan ing antarane para kang manggon ing swarga sapa kang madhani Sang Yehuwah?
7
(89-8) Gusti Allah kineringan ana ing kalangane para suci, lan banget diwedeni ngluwihi kabeh kang padha ngayap ing sakiwa tengene.
8
(89-9) Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun sarwa tumitah, sinten ingkang kados Paduka? Paduka punika santosa, dhuh Yehuwah, saha kasetyan Paduka wonten ing sakubeng Paduka.
9
(89-10) Gumunggungipun saganten punika Paduka ingkang ngereh, manawi alunipun ageng Paduka ingkang ngendhakaken.
10
(89-11) Rahab sampun Paduka remuk kados tiyang ingkang pinejahan, mengsah Paduka sampun Paduka buyaraken klayan asta Paduka ingkang rosa.
11
(89-12) Langit punika kagungan Paduka, bumi punika ugi kagungan Paduka, jagad saisinipun sadaya punika Paduka ingkang ndhasari.
12
(89-13) Ler lan kidul punika Paduka ingkang nitahaken, redi Tabor tuwin Hermon sami bingah-bingah surak-surak margi saking asma Paduka.
13
(89-14) Paduka ingkang kagungan bau santosa asta Paduka punika rosa tuwin luhur asta Paduka tengen.
14
(89-15) Kaleresan kaliyan kaadilan dados tetalesing dhampar Paduka, sih-kadarman miwah kasetyan sami lumampah wonten ing ngarsa Paduka.
15
(89-16) Rahayu bangsa ingkang saged surak-surak, dhuh Yehuwah, gesangipun kasunaran ing wedana Paduka,
16
(89-17) sami asurak-surak sadinten muput margi saking asma Paduka, saha sami rumaos luhur margi kaadilan Paduka.
17
(89-18) Amargi Paduka ingkang dados kamulyaning karosanipun, singat kawula kaunggulaken margi saking keparenging panggalih Paduka.
18
(89-19) Awitdene tetameng kawula sadaya punika kagunganipun Pangeran Yehuwah, saha ratu kawula punika kagunganipun Gusti Allahipun Israel, ingkang suci.
19
(89-20) Sampun nate wonten pangandika Paduka sarana wahyu dhateng para tiyang ingkang Paduka kasihi, suraosipun: “Ingsun wus maringi makutha marang sawijining pahlawan, sawijining wong pilihan wus Sunjunjung saka ing antarane bangsa iku.
20
(89-21) Ingsun wus nemu Dawud, abdiningSun, kang wus Sunjebadi kalawan lenganingSun kang suci.
21
(89-22) Iku bakal tetep Sunreksa kalawan astaningSun, sarta Sunsantosakake kalawan bauningSun.
22
(89-23) Iku ora bakal ditempuh ing mungsuh, apadene kawasesa ing wong culika.
23
(89-24) Mungsuhe bakal padha Sunremuk ana ing ngarepe, sarta kang padha nyengiti bakal Sunsirnakake.
24
(89-25) Iku bakal kinanthi ing kasetyan lan sih-kadarmaningSun, sarta sungune bakal kaunggulake karana asmaningSun,
25
(89-26) Ingsun bakal ndadekake tangane ngwasani segara, sarta tangane tengen ngereh kali-kali.
26
(89-27) Panyebute marang Ingsun bakal mangkene: “Paduka punika Rama kawula, Gusti Allah kawula, sarta peparanging karahayon kawula.”
27
(89-28) Sarta iya bakal Sunjunjung dadi putra pembarep, tuwin kang luhur dhewe ana ing antarane para raja ing salumahing bumi.
28
(89-29) Sih-susetyaningSun marang dheweke bakal Sunlestarekake ing salawase, lan prasetyaningSun bakal tetep tumrap dheweke.
29
(89-30) Anak-putune Sunlestarekake lumintu ing salawase, apadene dhampare ing saumuring langit.
30
(89-31) Saupama anak-putune padha nglirwakake ToretingSun, sarta lakune ora manut ing pranataningSun,
31
(89-32) lan padha nerak marang katetepaningSun, sarta ora netepi pepakeningSun,
32
(89-33) panerake mesthi padha Sunwales kalawan gada, tuwin kaluputane kalawan gebug.
33
(89-34) Nanging sih-susetyaningSun bakal ora Sunedohake saka Dawud, sarta Ingsun ora bakal nyelaki kasetyaningSun.
34
(89-35) Ingsun ora bakal nerak marang prasetyaningSun, tuwin apa kang kawedhar saka ing lathiningSun ora bakal Sunowahi.
35
(89-36) Sapisan Ingsun wus sumpah demi kasuceningSun, mesthi Ingsun ora bakal cidra marang Dawud.
36
(89-37) Tedhak-turune bakal lestari ing salawas-lawase, lan dhampare kaya srengenge ana ing ngarsaningSun,
37
(89-38) kaya rembulan kang ana ing salawas-lawase minangka seksi kang setya tuhu ana ing mega.” (Selah)
38
(89-39) Nanging Paduka piyambak nampik saha nyebrataken, sarta ndhawahaken bebendu Paduka dhumateng ingkang Paduka jebadi,
39
(89-40) prajanjian Paduka kaliyan ingkang abdi Paduka batalaken, makuthanipun Paduka regedi kados lebu,
(89-42) Sadaya tiyang ingkang langkung wonten ing margi sami ngrayahi, sarta dados cacadan tumrap tangga tepalih.
42
(89-43) Tangan tengenipun para satrunipun sami Paduka unggulaken, sakathahing mengsahipun sampun sami Paduka damel bingah-bingah.
43
(89-44) landheping pedhangipun Paduka damel mbalik, Paduka boten damel supados saged tanggon wonten ing peprangan.
44
(89-45) Cahyanipun Paduka suremaken, sarta dhamparipun Paduka rebahaken ing siti.
45
(89-46) Dinten enemipun sampun Paduka celakaken; piyambakipun Paduka krukubi klayan kawirangan. (Selah)
46
(89-47) Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah wonten ing pasingidan, sarta anggenipun bebendu Paduka mulad-mulad kados latu punika?
47
(89-48) Paduka mugi karsaa ngengeti menggah gesang punika sapinten ta dangunipun, punapa tanpa damel anggen Paduka nitahaken sakathahing anakipun manungsa punika?
48
(89-49) Tiyang gesang ingkang pundi ingkang boten badhe ngalami pejah, ingkang saged nguwalaken nyawanipun saking pamisesaning jagadipun tiyang pejah? (Selah)
49
(89-50) Dhuh Pangeran, pundi sih-susetya Paduka ingkang sakawit, ingkang Paduka janjekaken dhateng Dawud mawi supaos demi kasetyan Paduka punika?
50
(89-51) Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa ngengeti bilih abdi Paduka dipun wewada, saha bilih kawula nandhang pangerang-erangipun para bangsa wonten ing salebetipun manah kawula,
51
(89-52) ingkang dipun ucapaken para mengsah Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang kalairaken kangge memada tindak-tandukipun jebadan Paduka.
52
(89-53) Pinujia Pangeran Yehuwah ing salami-laminipun. Amin. Amin!