Psa 92

? AI
1
Masmur, kekidungan ing dina Sabat. (92-2) Ngucap sokur dhumateng Pangeran Yehuwah kanthi kekidungan punika prayogi, makaten ugi nyaosi kidung masmur dhumateng asma Paduka, dhuh Gusti Allah ingkang Mahaluhur,
2
(92-3) saha nyariyosaken sih-susetya Paduka ing wanci enjing tuwin kasetyan Paduka ing wanci dalu,
3
(92-4) kanthi ngungelaken kawat sedasa kaliyan slukat, binarung ing swaraning clempung.
4
(92-5) Dene Paduka, dhuh Yehuwah, sampun mbingahaken kawula kalayan pakaryan Paduka, kawula badhe asurak-surak awit saking pakaryanipun asta Paduka.
5
(92-6) Dhuh Yehuwah, saestu agung pakaryan Paduka, sarta sanget lebet rancangan Paduka punika.
6
(92-7) Tiyang bodho boten badhe nyumerepi, saha tiyang goblog ugi boten badhe mangretos bab punika.
7
(92-8) Manawi tiyang duraka anggenipun gesang sami kados tetuwuhan, sarta tiyang ingkang nglampahi piawon sami ngrembaka punika supados sami katumpesa ing salami-laminipun.
8
(92-9) Nanging, dhuh Yehuwah, Paduka wonten ing ngaluhur ing salaminipun.
9
(92-10) Amargi saestu mengsah Paduka dhuh Yehuwah, inggih sayektos mengsah Paduka badhe tumpes, sakathahing tiyang ingkang tumindak awon badhe kabuyaraken.
10
(92-11) Nanging singat kawula Paduka inggilaken kados singating bantheng, kawula ingesokan ing lisah jebad ingkang enggal;
11
(92-12) mripat kawula nyawang satru kawula, kuping kawula mireng bab para tiyang awon ingkang sami gumregah nglawan kawula.
12
(92-13) Wong mursid bakal ngrembaka kaya wit kurma, sarta thukul subur kaya wit eres ing Libanon;
13
(92-14) para kang katandur ana ing padalemaning Yehuwah, bakal padha ngrembaka ana ing plataraning Allah kita,
14
(92-15) sanadyan wus tuwa isih padha metu wohe, padha dadi lemu lan seger,
15
(92-16) supaya bisaa nyaritakake yen Pangeran Yehuwah iku bener, peparangku kang adoh saka ing laku cidra.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform