Masmur. Pangeran Yehuwah repekna kidung anyar, awit Panjenengane wus nindakake kaelokan; kaunggulan wus kaangsalake dening panjenengane kalawan astane kang tengen tuwin baune kang suci.
2
Pangeran Yehuwah wus ngundhangake karaharjan kang saka ing Panjenengane, sarta wus mbabar kaadilane ana ing ngareping mripate para bangsa.
3
Pangeran Yehuwah wus ngengeti ing sih-kadarmane lan kasetyane marang kulawargane Rama Israel, sakehing poncoting bumi wus padha weruh marang karahayon kang saka Allah kita.
4
He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsaning Yehuwah, padha bungah-bungaha, surak-suraka, lan ngidungna masmur!
5
Padha ngidungna masmur kagem Pangeran Yehuwah kalawan clempung, kalawan clempung sarta lagu kang laras,
6
kalawan nafiri lan kalasangka kang nganyut-anyut, padha surak-suraka ana ing ngarsane Sang Prabu, yaiku Sang Yehuwah!
7
Segara saisine kareben padha gumuruh, mengkono uga, jagad dalah kang padha ngenggoni.
8
Kali-kali cikben padha keplok-keplok, lan gunung-gunung kareben padha surak-surak bebarengan
9
ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, awit Panjenengane rawuh ngadili bumi, jagad bakal diadili ing sabenere, tuwin para bangsa kalawan kabeneran.