(108-3) He slukat lan clempung padha tangia! bangbang wetan arep dakgugah.
3
(108-4) Kawula badhe ngunjukaken pamuji sokur dhumateng Paduka wonten ing satengahipun para bangsa, dhuh Yehuwah saha badhe ngidungaken masmur kagem Paduka wonten ing tengahipun para suku bangsa;
4
(108-5) awit sih-kadarman Paduka punika agengipun ngungkuli langit, saha kasetyan Paduka ngantos sundhul ing mega.
5
(108-6) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngluhuraken sarira ngantos ngungkuli langit, saha kamulyan Paduka supados ngungkulana bumi sadaya.
6
(108-7) Supados para kekasih paduka sami saged oncat; mugi Paduka kersaa maringi pangluwaran klayan asta Paduka tengen, saha kersaa paring wangsulan dhumateng kawula.
7
(108-8) Gusti Allah wus ngandika ana ing pasucene: “Ingsun arsa surak-surak; tanah Sikhem bakal Sunbagi-bagi, lebak Sukot arep Sunukur,
8
(108-9) Gilead iku kagunganingSun, Manasye iku kagunganingSun, Efraim iku tetoponging mastakaningSun, Yahuda iku jungkating kapraboningSun,
9
(108-10) Moab iku papan pawijikaningSun, Edom Sununcali trumpahingSun, lan marga saka tanah Filisti Ingsun asurak-surak.”
10
(108-11) Sapa kang bakal ngirid aku lumebu marang kutha kang santosa? Sapa kang nuntun aku menyang ing tanah Edom?
11
(108-12) Dhuh Allah, punapa sanes Paduka piyambak ingkang sampun nampik kawula, sarta boten miyos sesarengan kaliyan bala kawula, dhuh Allah?
12
(108-13) Paduka mugi karsaa paring pitulungan nglawan mengsah, awit pambiyantunipun manungsa punika tanpa gina.
13
(108-14) Marga saka Gusti Allah, kita bakal padha nindakake panggawe-panggawe kang prawira, sarta Gusti Allah piyambak bakal ngiles-iles para mungsuh kita.