Haleluya! Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah!
2
Aku bakal ngluhurake Sang Yehuwah sajegku urip, Allahku bakal dakpuji kalawan masmur sajrone aku isih ana.
3
Aja kumandel marang para panggedhe, lan marang anaking manungsa kang ora bisa aweh karahayon.
4
Manawa nyawane pecat, banjur bali menyang ing lemah; ing dina iku uga kekarepane sirna.
5
Rahayu wong kang ndarbeni Allahe Rama Yakun minangka pamomonge, kang pengarep-arepe marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe,
6
Panjenengane kang nitahake langit lan bumi, segara lan saisine kabeh, kang tetep setya ing salawase,
7
kang njejegake kaadilan tumrap wong kang padha ditindhes, kang paring pangan marang wong kang padha keluwen, Pangeran Yehuwah ngluwari wong kang padha kinunjara.
8
Pangeran Yehuwah ngelekake mripate para wong wuta, Pangeran Yehuwah njejegake para wong kang tumungkul, Pangeran Yehuwah ngasihi marang para wong mursid.
9
Pangeran Yehuwah ngreksa marang wong ngamanca, bocah lola lan randha padha disantosakake maneh, nanging dalane wong duraka dienggokake.
10
Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja ing salawase, Allahmu, he Sion, turun-tumurun. Haleluya!