Bilai! Nagara kumrisiking swiwi ing sabranging kali-kali ing tanah Etiopia,
2
kang ngirimake duta-duta ngliwati sagara kalawan prau-prau pandhan ngliwati lumahing banyu! Mangkata, he para utusan kang cukat, nemonana bangsa kang dhuwur dedege lan kang klimis pakulitane, golongan kang diwedeni ana ing ngendi-endi yaiku bangsa kang wulet lan ambek siya, kang nagarane ketrajang ing kali-kali!
3
He sakehing wong kang manggon i ing donya, he para wong kang manggon ing bumi! Samangsa gendera kaedegake ing gunung-gunung, padha delengen; samangsa kalasangka kaunekake, padha ngrungokna!
4
Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Ingsun bakal mirsani saka ing papan padalemaningSun kalawan ora ebah, kayadene hawa panas kang umob ing wektu panas gumemplang, kayadene pedhut ing panasing mangsa panen.”
5
Awit sadurunge ungsum wowohan, manawa wektune kembang wus kepungkur, lan dhompolaning pentil wus dadi woh anggur kang meh mateng, Pangeran Yehuwah bakal ngethoki pang-pange kalawan arit, lan carang-carange kakethokan lan kasingkirake.
6
Iku kabeh bakal ditinggal tumpukan kanggo manuk galak ing pagunungan, lan kanggo kewan-kewan ing alas. Ing mangsa panas manuk-manuk galak bakal padha manggon ing kono tuwin sakehe kewan ing alas ing mangsa bedhidhing.
7
Ing wektu iku uga pisungsung bakal dicaosake marang Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah dening bangsa kang dhuwur dedege lan klimis pakulitane lan dening bangsa kang ana ing ngendi-endia diwedeni, yaiku bangsa kang kakuwatane wulet lan ambek siya, kang nagarane ketrajang ing kali-kali, menyang ing padalemane Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah, yaiku gunung Sion.