Lah bakal ana ratu kang ngasta paprentahan kalawan adil, apadene para pemimpin bakal mimpin kalawan jujur,
2
tuwin sawiji-wijine bakal kayadene papan pangauban samangsa ana angin sarta papan pangayoman samangsa ana prahara, kayadene ilen-ilen banyu ing papan kang garing, kayadene aube watu kang gedhe ing tanah kang ngenthak-enthak.
3
Mripate wong kang padha ndeleng bakal ora diremake maneh, lan kupinge wong kang padha krungu bakal nggatekake.
4
Atine wong kang kurang pikiran bakal bisa nenimbang, sarta ilate wong kang groyok bakal bisa celathu cetha.
5
Wong gemblung ora bakal kaaranan maneh wong kang abudi luhur, lan wong culika ora bakal diarani wong luhur.
6
Sabab wong gemblung bakal mratelakake gemblunge, tuwin atine ngrancang prakara kang ala, yaiku sumedya murtad sarta ngandhakake bab kang nasarake tumrap Pangeran Yehuwah, ora mreduli marang kothonging wetenge wong keluwen lan marang wong kang ngelak butuh ngombe.
7
Wong culika iku akal-akale ala, kang dirancang panggawe kang nistha kanggo gawe cilakane wong sangsara kalawan tembung-tembunge kang goroh, sanadyan wong miskin iku mbelani hake.
8
Nanging wong kang luhur budine iku ngrancang bab-bab kang luhur, lan tansah tumindak mangkono.
9
He para wong wadon kang padha urip kanthi tentrem, padha tangia, rungokna swaraku, he para bocah wadon kang padha urip kanthi ayem, padha gatekna tembungku!
10
Ing sajroning sataun punjul kowe bakal padha gumeter, he para wong kang padha urip kanthi tentrem, amarga panene woh anggur wus entek rusak, lan panen wowohan liyane uga ora ana.
11
Padha gumetera, he para wong wadon kang padha urip kanthi ayem, padha gumetera, he para wong wadon kang padha urip kanthi tentrem, selehna lan cucula sandhanganmu, padha manganggoa bagor ing lambungmu!
12
Padha tangisana pategalanmu kang endah, tuwin witmu anggur kang tansah mbiyet wohe,
13
padha tangisana tanahe bangsaku kang kathukulan grumbul eri lan piskucing, malah uga sakehe omahmu, panggonan kang kanggo bungah-bungah ing kutha kang kebak kasenengan.
14
Awit purimu wus kasuwungake lan ramening kuthamu wus malih dadi sepi. Tenggere lan panggunge wus dadi tanah rata ing salawas-lawase, dadi papaning kabungahan kuldi alas sarta pangonaning pepanthan kewan.
15
Nganti kita padha kaesokan ing Roh saka ing dhuwur; pasamunan banjur dadi kebon wowohan, tuwin kebon wowohan iku bakal kaanggep alas.
16
Ing pasamunan bakal tansah ana kaadilan lan ing kebon wowohan bakal tetep ana kabeneran.
17
Ing ngendi ana kabeneran ing kono bakal ana tentrem rahayu, mangka wahananing kabeneran iku kaayeman lan katentreman kanggo ing salawas-lawase.
18
Bangsaku bakal manggon ing papaning karukunan, ing papan panggonan kang tentrem ing papan palerenan kang slamet.
19
Alas bakal rusak babar pisan tuwin kutha bakal kaesorake kang banget.
20
Rahayu kowe kang padha bisa nyebar ing sakehing panggonan kang ana banyune, kang bisa ngeculake sapine lan kuldine menyang ing ngendi-endi!