Ngunekna kalasangka! Ana kang nempuh padalemane Pangeran Yehuwah kaya manuk garudha; mulane mangkono awit wong-wong iku wus padha mbubrah prajanjianingSun, lan mbangkang marang angger-anggeringSun.
2
Padha sesambat marang Ingsun: “Dhuh Allah kawula, kawula, bangsa Israel tepang kaliyan Paduka!”
3
Israel wus mbuwang kang becik, mulane kareben kaburu dening mungsuh!
4
Wus padha ngadegake ratu, nanging ora kanthi sarujukingSun. Padha ngadegake panggedhe, nanging ora kanthi kauningakake marang Ingsun. Emas lan salakane dianggo gawe brahala-brahala kanggo awake dhewe, mulane padha kasirnakake.
5
He Samaria, pedhetira Suntampik, bebenduningSun mulad-mulad marang wong-wong iku! Nganti pira lawase anggone ora bisa padha nucekake awake
6
wong-wong Israel iku? Iku tukang kang gawe, sarta iku dudu Allah! Lah pedhet Samaria iku bakal ajur dadi sawalang-walang.
7
Sarehne padha nyebar angin, mulane bakal ngeneni prahara; gandume ora biwa tuwa, ora metu glepunge; dene yen ana kang bisa metu, iku mesthi dientekake dening bangsa liya.
8
Israel wus diuntal; saiki padha ana ing antarane bangsa-bangsa kayadene barang tampikan.
9
Wus padha lunga menyang Asyur prasasat kuldi alas kang ndhewe. Efraim wus ngedum-edum opahing bebdhangan.
10
Sanadyan padha ngedum-edum opah iku ana ing antarane bangsa-bangsa, ewasamono saiki Ingsun bakal nglumpukake wong-wong iku, temah sadhela engkas bakal padha leren anggone njebadi raja lan para panggedhe.
11
Lah Efraim wus ngakehake misbyah, misbyah-misbyah iku njalari banjur padha nindakake dosa.
12
Sanadyan Sunseratake piwulangingSun pirang-pirang, nanging iku padha dianggep prakara kang kanggo wong manca.
13
Padha seneng saos kurban sembelehan, padha saos daging lan padha mangan iku; nanging iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah. Saiki panerake bakal diengeti, lan dosane bakal kaukum. Wong-wong mau kudu padha bali menyang Mesir!
14
Israel wus nglalekake Kang nitahake, lan wus ngadegake kraton-kraton; Yehuda wus ngakehake kutha-kutha kang santosa, nanging Ingsun bakal ndhawahake geni ing kutha-kuthane, kang mangsa kadhaton nganti ludhes.