(12-2) Efraim iku njaga angin, lan mburu angin wetan sedina muput, ngakehake tindak cidra lan panganiaya, padha gawe prajanjian karo Asyur, lan nggawa lenga menyang ing tanah Mesir.
2
(12-3) Pangeran Yehuwah bebantahan karo Yehuda, lan bakal ngukum Yakub miturut polah-tingkahe, sarta bakal males kang murwat karo tindak-tanduke.
3
(12-4) Ana ing guwa-garba Yakub ngapusi sadulure, sarta bareng wus rosa gelut kalawan Gusti Allah.
4
(12-5) Dheweke gelut karo Sang Malaekat lan unggul, kalawan nangis nyuwun kawelasan marang Panjenengane. Ana ing Betel ketemu kalawan Panjenengane, lan ana ing kono Panjenengane mangandikani mangkene:
5
(12-6) -- Iya iki Sang Yehuwah, Allahe kang sarwa tumitah, kang asma Yehuwah. --
6
(12-7) “Sira iku kudu mratobat marang Allahira, netepana katresnan lan angger-angger, sarta tansah ngarep-arepa marang Allahira.”
7
(12-8) Padha kaya Kanaan, kang nyekel traju kang cidra, lan kang seneng memeres,
8
(12-9) pangucape Efraim: “Aku rak wus dadi sugih, wus oleh raja-brana. Nanging sakehe wohe kangelanku ora nuwuhake kaluputan kang ateges dosa tumrap aku.”
9
(12-10) Nanging Ingsun iki Yehuwah, Allahira wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir. Ingsun isih karsa manggonake sira ana ing tarub-tarub maneh kaya ing dina-dina riyaya.
10
(12-11) Ingsun mangandikani para nabi, sarta wus paring wahyu bola-bali apadene paring pasemon lumantar para nabi mau.
11
(12-12) Manawa ing Gilead ana kadursilan, wong-wong iku wus padha dadi tanpa guna; ana ing Gilgal padha saos kurban sapi-sapi lanang, mulane misbyah-misbyahe uga padha dadi kaya tumpukan watu ana ing singkal-singkalane pategalan.
12
(12-13) Yakub ngungsi menyang ing tanah Aram, Israel ngenger supaya oleh bojo, malah nganti dadi pangon supaya oleh bojo iku.
13
(12-14) Lumantar nabi Pangeran Yehuwah nuntun Israel metu saka ing tanah Mesir, malah banjur direksa dening nabi.
14
(12-15) Efraim wus gawe gerahing panggalihe Pangeran kang banget, temah Gustine bakal nglestarekake anggone katempelan utang getih, sarta bakal paring piwales tumrap ing cacade.