Hos 14

? AI
1
(14-2) He Israel, padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Allahmu, dene anggonmu keplesed iku marga saka kaluputanmu.
2
(14-3) Padha ngaturna kaduwungmu, sarta mratobata marang Sang Yehuwah, munjuka marang Panjenengane: “Paduka mugi karsaa ngapunten sakathahipun kalepatan, ingkang sae mugi lajeng kaparingna, nunten kawula sami badhe ngunjukaken pangaken kawula.
3
(14-4) Asyur boten badhe saged mitulungi kawula sadaya; kawula boten badhe numpak kapal, saha kawula boten badhe wicanten malih: Dhuh Allah kawula! dhateng dedamelaning tangan kawula, margi Paduka ngasihi lare lola.”
4
(14-5) Ingsun bakal mulihake wong-wong iku saka ing pamurtade, lan bakal ngasihi kanthi legawaning galih, marga bebenduningSun marang dheweke wus mendha.
5
(14-6) Ingun bakal dadi kaya ebun tumrap Israel, dheweke bakal metu kembange kaya kembang bakung, lan oyode ngambra-ambra kaya Libanon.
6
(14-7) Pang-pange padha sumrambah, sarta endahe kaya wit jaitun, lan arum gandane kaya kang ana ing Libanon.
7
(14-8) Wong-wong mau bakal padha bali lan manggon ing pangayomaningSun, lan bakal padha tuwuh kaya tanduran gandum; sarta bakal padha kembang kaya wit anggur, kang misuwur kaya anggur ing Libanon.
8
(14-9) Efraim, brahala-brahala iku magepokan apa karo Ingsun? Ingsun kang paring wangsulan lan nggalih marang sira! Ingsun iki kaya wit beros kang katon ijo, saka Ingsun anggonira oleh woh.
9
(14-10) Sapa kang wicaksana, cikben mangreti marang prakara iki kabeh; sapa kang mangreti, kareben nyumurupi iku; marga margi-margine Pangeran Yehuwah iku lenceng, lan diambah dening para wong mursid, nanging para wong kang mbalela padha keplesed tiba ana ing kono.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform