Ana ing sajroning wetenge iwak iku, Nabi Yunus ndedonga marang Pangeran Yehuwah Allahe,
2
unjuke: “Ing salebeting kasisahan, kawula sesambat dhateng Pangeran Yehuwah lajeng inggih dipun sembadani, wonten ing guwa-garbaning pejah kawula nyuwun tulung, Paduka lajeng miyarsakaken swanten kawula.
3
Kawula sampun Paduka cemplungaken dhateng ing teleng, inggih ing dhasaring samodra, kawula lajeng kakupeng ing ombaking toya, sakathahing alun lan ombak Paduka nasabi badan kawula.
4
Ing ngriku unjuk kawula: Kawula sampun kasebrataken saking ing ngarsaning paningal Paduka, punapa kawula badhe saged nyawang malih dhateng padaleman Paduka ingkang suci.
5
Kawula sampun kinepang ing sakathahing toya ingkang ngancam nyawa kawula, kawula kasasaban ing samodra agung; sirah kawula kagubed-gubed ing lumuting samodra
6
wonten ing dhasaring redi-redi. Kawula ambles ngantos dumugi ing dhasaring bumi; kawulu kakancingan ing slaraking bumi ing salaminipun; ing nalika punika Paduka lajeng ngentas nyawa kawula saking luwenging pejah, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula.
7
Nalika nyawa kawula nglumpruk nglemprek wonten ing batos kawula, kawula enget dhateng Pangeran Yehuwah, sarta pandonga kawula sumengka dhateng ing ngarsa Paduka wonten ing padaleman Paduka ingkang suci.
8
Tiyang ingkang sami gondhelan dhateng brahala ingkang tanpa gina punika sami nilar dhateng ingkang ngasihi kanthi setya.
9
Nanging kawula badhe nyaosi kurban dhateng Paduka kanthi ngucap sokur; punapa ingkang dados punagi kawula, badhe kawula leksanani; kawilujengan punika namung saking Sang Yehuwah!”
10
Pangeran Yehuwah banjur dhawuh marang iwak mau lan Yunus banjur kawutahake menyang ing dharatan.