Wose apa kang kita rembug iku mangkene: kita padha duwe Imam Agung kang kaya mangkono, kang lenggah ing satengene dhampare kang Mahaagung ing swarga,
2
sarta kang ngladosi pangibadah ing panggonan kang suci, yaiku ing sajrone tarub kang sejati, yasane Gusti Allah sarta dudu gaweaning manungsa.
3
Jalaran saben Imam Agung kapatah nyaosake kurban sarta pisungsung, mulane Gusti Yesus uga prelu kagungan kang dipisungsungake.
4
Saupama Panjenengane ana ing bumi iki, Panjenengane babar pisan ora bakal jumeneng Imam, amarga ing kene wus ana para imam kang padha nyaosake pisungsung manut angger-anggering Toret.
5
Anggone padha leladi iku minangka gambar lan wewayangane barang kaswargan, padha kaya kang kapangandikakake marang Nabi Musa, nalika bakal ngadani yasa tarub: “Dieling,” mangkono dhawuhe, “kabeh iku kudu sira gawe manut pola kang wus katuduhake marang sira ana ing dhuwur gunung iku.”
6
Nanging saiki Panjenengane wus tampa kaimaman kang luwih dening agung, marga Panjenengane jumeneng Pantaraning prasetyan kang luwih mulya, kang alandhesan prasetya kang luwih luhur.
7
Sabab yen ta prajanjian kang dhisik iku tanpa cacad, ora bakal digolekake panggonan maneh kanggo kang kapindho.
8
Dene anggone nacad wong-wong iku nalika Panjenengane ngandika: “Satemene, bakal tumeka ing wektune,” mangkono pangandikane Pangeran, “Ingsun bakal mranata prajanjian anyar kalawan turune Israel sarta turune Yahuda,
9
ora kaya prajanjian kang wis Sunanakake karo para leluhure wong-wong iku, nalika Ingsun nganthi wong-wong iku Sunirid metu saka ing tanah Mesir. Amarga wong-wong iku ora setya marang prajanjianingSun, sarta Ingsun ngemohi wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran.
10
“Iya iki prajanjian kang bakal Sunanakake kalawan turune Israel sawise wektu iku,” mangkono pangandikane Pangeran. “Angger-anggeringSun bakal Sunparingake ana ing budine, sarta Sunserati ing atine, dene Ingsun bakal jumeneng Allahe sarta wong-wong iku bakal dadi umatingSun.
11
Sarta wong-wong iku ora bakal padha mulang maneh marang pepadhane warga utawa marang pepadhane sadulur kanthi ngucap: Wanuha marang Pangeran! Amarga kang cilik dalah kang gedhe kabeh bakal padha wanuh marang Ingsun.
12
Awitdene Ingsun bakal nandukake sih-piwelas marang kaluputane sarta ora bakal ngengeti marang dosa-dosane.”
13
Sarehne Panjenengane ngandika bab prajanjian anyar, mulane iya mratelakake manawa kang dhisik iku prajanjian kang wis dadi lawas, sarta apa kang dadi lawas lan kawak iku wis cepak sirnane.