“Nyawaku wus bosen urip, aku arep ngumbar pasambatku, aku arep ngucap sajroning prihatine nyawaku kang pait.
2
Aku arep munjuk marang Gusti Allah: Paduka mugi sampun ngantos nglepataken dhateng kawula; kawula mugi Paduka sumerepaken, punapa sababipun dene Paduka nglawan dhateng kawula.
3
Mikantuki punapa ta kagem Paduka, manawi nindhes tiyang punika, manawi Paduka mbucal pakaryaning asta Paduka, saha paduka paring pambiyantu dhateng rancanganipun tiyang duraka?
4
Punapa Paduka kagungan paningal wadhag? Anggen Paduka mirsani samukawis punapa inggih kados patrapipun manungsa anggenipun ningali?
5
Yuswa Paduka punapa memper kados umuripun manungsa, petangan taun Paduka punapa inggih kados umuripun tiyang jaler,
Nanging kawontenan igkang makaten punika kok Paduka sengker ing salebeting panggalih; kawula sumerep, bilih punika pancen sampun dados karsa Paduka.
14
Saupami kawula damel dosa, Paduka temtu badhe nguningani, saha kawula boten badhe Paduka galih tanpa kalepatan.
15
Manawi kawula duraka, bilai kawula; manawi kawula leres inggih boten saged langak-langak, amargi anggen kawula tuwuk kawirangan, sarta nyumerepi kasangsaran kawula.
16
Manawi kawula ndengengek, Paduka temtu lajeng mbujeng kawula kadosdene singa sarta ngatingalaken panguwaos Paduka ingkang nggumunaken punika dhumateng kawula malih.
17
Paduka badhe ngajengaken seksi-seksi enggal ingkang nglawan kawula, -- Paduka ngagengaken bebendu Paduka dhumateng kawula -- Paduka badhe ngangsahaken pasukan-pasukan enggal, malah balatantra dhumateng kawula.
18
Punapa sababipun dene Paduka ngedalaken kawula saking guwa-garba? Langkung sae manawi kawula pejah, saderengipun kawula kasumerepan ing tiyang,
19
kados-kados kawula boten nate wonten, saking guwa-garbaning biyung lajeng kemawon kabekta dhateng ing pakuburan.
20
Punapa dinten-dintening umur kawula boten namung sakedhik? Paduka mugi karsaa ngendelaken kawula, supados kawula saged bingah sawatawis,
21
saderengipun kawula kesah lan boten mawi wangsul malih dhateng nagari ingkang peteng lelimengan,
22
dhateng nagari ingkang peteng ndhedhet, panggenan ingkang peteng sanget saha worsuh, ingkang cahyaning pepadhangipun sami kaliyan pepeteng.”