Job 39

? AI
1
(39-4) Sira apa sumurup wancine wedhus gunung duwe anak, utawa apa namatake menjangan anggone nglarani?
2
(39-5) Apa sira bisa ngetung pirang sasi anggone meteng sarta apa bisa nyumurupi ing eleke?
3
(39-6) Anggone nglairake anake, kalawan njengking lan banjur ngetokake isining guwa-garbane.
4
(39-7) Anake padha dadi rosa lan gedhe ana ing ara-ara, padha lunga lan ora bali marang embokne.
5
(39-8) Sapa kang ngumbar kuldi alasan, utawa sapa kang nguculi dhadhunge kuldi ing ara-ara?
6
(39-9) Ara-ara kang Sunparingake dadi papan padunungane lan tanah asin dadi pasabane.
7
(39-10) Ramening kutha dipoyoki, ora krungu swarane kang nggiring;
8
(39-11) banjur golek pangonan ing gunung-gunung, lan ngluru samubarang kang ijo.
9
(39-12) Apa bantheng gelem teluk marang sira utawa gelem turu ing sacedhaking ambenira manawa bengi?
10
(39-13) Apa sira bisa meksa bantheng ngenut kalenaning wluku kalawan keluhan, utawa nggaru bumi ing lebak ngetutake lakunira?
11
(39-14) Apa sira pracaya, marga gedhe karosane? Utawa banjur sira pasrahi pagaweanira kang abot?
12
(39-15) Apa sira nemtokake, yen bakal ngulihake pametuning buminira, lan nglumpukake ing papan panutonira?
13
(39-16) Manuk unta kekablak kalawan bungah nanging apa elar lan wulu iku mratelakake katresnan?
14
(39-17) Awit endhoge ditinggal ing lemah, lan dietogake sarta diangremake ana ing pawedhen,
15
(39-18) nanging lali, manawa endhog mau bisa kapidak ing sikil, lan kailes-iles ing kewan alasan.
16
(39-19) Pangrengkuhe marang anak-anake keras kaya-kaya dudu anake dhewe; sanajan rekasane tanpa guna, ora dipreduli,
17
(39-20) amarga ora kaparingan kawicaksanan dening Gusti Allah lan ora dipandumi pangreten.
18
(39-21) Manawa kekablak kalawan gumunggung. banjur nggeguyu jaran lan kang nunggangi.
19
(39-22) Apa sira kang aweh karosan marang jaran? Apa sira kang nyandhangi suri ing githoke?
20
(39-23) Apa sira kang mbisakake mlumpat kaya walang? Panggabere kang nggegirisi medeni.
21
(39-24) Anggone thakur-thakur ing lemah kalawan gambira, anggone maju methukake gegaman kalawan kakuwatan.
22
(39-25) Sabarang kang nggegirisi digeguyu, sarta ora tau wedi apadene ora gelem mundur manawa arep-arepan karo pedhang.
23
(39-26) Endhong panah kamrincing ing sadhuwure, tumbak lan towok pating cleret.
24
(39-27) Kalawan ringas lan galak lemah dikemah-kemah, sarta banget notole manawa krungu unining kalasangka;
25
(39-28) ngerik-ngerik manawa kalasangka kaunekake; lan saka ing kadohan wus bisa ngambus anane perang, bantering abane para panggedhe tuwin suraking wadya-bala.
26
(39-29) Apa kapinteranira kang mulang mabur manuk wulung kalawan ngegarake swiwine ngener mangidul?
27
(39-30) Apa marga saka prentahira manuk beri iku anggone banjur mumbul lan nusuh ing panggonan kang dhuwur?
28
(39-31) Anggone manggon lan nusuh ana ing gunung parang, ing pucaking gunung parang lan ing gunung kang angel ingunggahan.
29
(39-32) Ana ing kono anggone ingak-inguk madik-madik memangsane, matane ngingat-ngingatake saka ing kadohan;
30
(39-33) anake padha ngokop getih lan ing ngendi ana bathang, manuk beri mesthi ana ing kono.”
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform