1 (39-34) Sang Yehuwah tumuli nyambeti, pangandikane marang Ayub:
2 (39-35) “Si juru panutuh apa isih arep mabeni marang Kang Mahakwasa? Kang nacad marang Gusti Allah iku supaya mangsulana!”
3 (39-36) Ing kono unjuke Ayub marang Sang Yehuwah:
4 (39-37) “Saestu, kawula punika asor sanget, kawula badhe ngaturaken wangsulan punapa dhateng Paduka? Cangkem kawula kawula tutupi kalayan tangan.
5 (39-38) Sapisan kawula sampun gadhah pangucap, nanging badhe boten kawula lairaken malih; malah kaping kalih, nanging boten badhe kawula lajengaken.”
6 (40-1) Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Ayub saka ing satengahing prahara, mangkene:
7 (40-2) “Mara rumantia dikaya wong lanang; “Sira bakal Sundangu, Ingsun unjukana wangsulan.
8 (40-3) Apa sira arep ngorakake pangadilaningSun nyalahake Ingsun supaya bisa mbenerake awakira dhewe?
9 (40-4) Apa tanganira kaya astaning Allah, lan apa sira bisa ngetokake swara gumludhug kaya Panjenengane?
10 (40-5) Yen mangkono awakira wenehana rerenggan kamulyan lan kaluhuran, sira ngrasuka kaagungan lan prabawa!
11 (40-6) Esokna nepsunira kang mulad-mulad; awasna saben wong kang kumlungkung lan sira esorna,
12 (40-7) awasna saben wong kang lumuhur-luhur iku lan dhingklukna. Sarta wong duraka padha sira leburna ana ing panggonane!
13 (40-8) Pendhemen bebarengan ana ing njero lebu, kunjaranen ana ing papan kang ndhelik,
14 (40-9) temah Ingsun bakal ngalembana marang sira, amarga tanganira tengen ngolehake kaunggulan marang sira.”
15 (40-10) “Sira nyawanga jaran Nil, kang wus Suntitahake uga kaya sira. Iku mangan suket kaya sapi.
16 (40-11) Sira mawanga karosane kang dumunung ana ing lempenge kakuwatane kang ana ing ototing wetenge!
17 (40-12) Anggone ngencengake buntute kaya wit eres, otot-ototing pupune bebuletan,
18 (40-13) Balung-balunge kaya pipa tembaga, ragangane kaya lantakan wesi.
19 (40-14) Iku kang dhisik dhewe katitahake dening Gusti Allah, makhluk kang kaparingan gegaman pedhang;
20 (40-15) gunung-gunung padha nuwuhake kang minangka pakane; kewan alasan padha seneng-seneng ana ing kono.
21 (40-16) Jaran Nil mau anggone njerum ana ing sangisoring wit trate, ingaling-alingan ing glagah lan rawa.
22 (40-17) Tetuwuhan trate padha ngayomi kalawan ayang-ayangane, sarta ingubengan ing wit truntum.
23 (40-18) Sanadyan ilining banyu santer banget, kewan mau ora gumeter; sanadyan bengawan Yarden luber nempuh marang cangkeme, atine iya enak-enak bae.
24 (40-19) Apa wong bisa nyekel saka ing ngarep lan bisa ngeluhi irunge?”