1 (40-20) “Apa sira bisa nggered baya nganggo pancing, utawa njiret ilate nganggo tali?
2 (40-21) Apa sira bisa ngetrapake tali penjalin ing irunge, utawa nyublesake gantholan ing uwange.
3 (40-22) Apa kira-kira kewan mau bisa njaluk sih-piwelas marang sira, utawa bisa calathu alus marang sira?
4 (40-23) Apa kira-kira bisa gawe prajanjian kalawan sira, temah banjur sira dadekake batur ing salawase?
5 (40-24) Apa sira bisa dolanan karo kewan mau kayadene karo manuk, sarta apa bisa sira dadekake dolananing anak-anakira wadon?
6 (40-25) Apa kira-kira kena didadekake daganganing para juru amek iwak, utawa diedum-edum ing antarane para wong dagang?
7 (40-26) Apa kulite kena sira jojohi kalawan towok, utawa endhase kalawan cempuling?
8 (40-27) Tanganira sira tumpangna ing endhase! Elinga marang anggone tarung! -- Sira ora bakal nindakake mangkono maneh!
9 (40-28) pangarep-arepira iku sanyata tanpa isi. Lagi ndeleng kewan iku bae, wong wis ambruk.
10 (41-1) Mangsa anaa wong kang sembranane nganti wani nenangi nepsune baya iku, lan sapa kang keconggah maju nglawan marang Ingsun?
11 (41-2) Sapa kang methukake Ingsun, kang Sundamel lestari slamet? Samubarang kang ana sangisoring langit iku wus dadi kagunganingSun kabeh.
12 (41-3) Ingsun ora bakal nyidem kaananing gegelitane baya iku, bab karosane lan endahing pawakane.
13 (41-4) Sapa kang bisa mbukak jubahe? Sapa kang bisa nyuduk nganti tembus kerene kang rangkep iku?
14 (41-5) Sapa kang bisa ngengakake inebing cangkeme? Ing sakubenging untune kaanane nggegirisi.
15 (41-6) Gigire awujud tameng-tameng kang santosa, kang kraket rapet kaya segel.
16 (41-7) Siji lan sijine gandheng rapet nganti ora bisa klebon angin;
17 (41-8) kang siji kelet karo sijine cathok-cinathok ora kena kapisah.
18 (41-9) Samangsa wahing metu sunare, matane kaya pletheking bangbang wetan.
19 (41-10) Cangkeme metu obore, lan nyemburake geni kang pating pletik.
20 (41-11) Lenging irunge metu kukuse kaya saka ing kwali kang umob isine kumebul.
21 (41-12) Ambekane ngobong areng, cangkeme metu genine.
22 (41-13) Githoke kadunungan kakuwatan, pagiris lincak-lincak ana ing ngarepe.
23 (41-14) Gembel-gembeling daginge padha kelet lengket. kraket ing awake ora glembyar-glembyor.
24 (41-15) Atine atos kaya watu, atose kaya watu landhesaning panggilingan.
25 (41-16) Samangsa gumregah, kabeh wong kang kwasa padha gumeter dadi bingung jalaran wedi.
26 (41-17) Manawa dipedhang ora pasah, mangkono uga ditumbak, ditowok utawa dipanah.
27 (41-18) Wesi dirasa kaya dami, tembaga kaya kayu gapuk.
28 (41-19) Panah ora bisa nglungakake, bebanggal watu kaya-kaya malih dadi damen.
29 (41-20) Gada dianggep merang sarta sumiyuting towok digeguyu.
30 (41-21) Ing kurebe ana kang kaya wingka lincip-lincip, manawa mengkureb ing endhutan kaya piranti pangruntuhan.
31 (41-22) Teleng didadekake molak-malik kaya godhongan ing kendhil, sagara didadekake piranti ngolah campuran bumbon.
32 (41-23) Tabeting lakune sumunar, satemah samodra kakira uwan dening wong.
33 (41-24) Ing salumahing bumi ora ana kang madhani, iku makhluk kang ora kadunungan wedi.
34 (41-25) Kabeh kang luhur padha wedi karo kewan iku, iku dadi ratune sakehing kewan galak.”