Psa 1

? AI
1
Rahayu wong kang lakune ora manut pangangen-angene wong duraka, lan ora ngambah dalane wong dosa sarta ora awor lungguh ing pajagongane wong memoyok,
2
nanging kang karem marang angger-anggere Sang Yehuwah, lan digilut-gilut rina wengi.
3
Wong iku kaya wit kang tinandur ana ing sapinggiring kali, kang metokake woh ing kalamangsane, lan ora alum godhonge, apa bae kang ditandangi mesthi lestari.
4
Ora mangkono mungguh wong duraka, nanging prasasat mrambut kang kabur ing angin.
5
Mulane wong duraka iku ora tulus ana ing ngarsane pangadilan, mangkono wong dosa ana ing pakumpulane para wong mursid;
6
amarga Sang Yehuwah mirsa lakune wong mursid, nanging lakune wong duraka iku ngener marang karusakan.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform