Psa 2

? AI
1
Geneya para bangsa padha mampang-mampang wringuten, lan para suku bangsa padha ngangen-angen kang tanpa guna?
2
Para raja ing bumi padha siyaga ing perang lan para panggedhe sakuthon arep ngayoni Sang Yehuwah lan Sang Jebadane, pangucape:
3
“Payo padha medhot dhadhunge lan mbuwang kendharate.”
4
Panjenengane kang lenggah ana ing swarga iku gumujeng, Sang Yehuwah moyoki wong-wong mau.
5
Nuli padha didhawuhi kalawan bendu lan digirisake kalawan bramantyane:
6
“Ingsun kang wus ngadegake ratuningSun ana ing Sion, gunungingSun kang suci.”
7
Aku arep ngandhakake kekancingane Sang Yehuwah; pangandikane marang aku: “Sira iku putraningSun! Ingsun kang mutrakake Sira ing dina iki.
8
Sira nyenyuwuna marang Ingsun, mesthi Sira Sunparingi para bangsa dadi pusakanira, lan pungkasaning bumi dadi darbekira.
9
Iku bakal Sira ejur kalawan gada wesi, bakal Sira remuk kaya grabahing kundhi.”
10
Mulane, he para raja, padha tumindaka kang wicaksana; para hakim ing bumi, padha ngrungokna marang pepeling!
11
Padha ngabektia marang Sang Yehuwah kanthi pakering; lan sungkemana sampeyane kanthi gumeter,
12
supaya Panjenengane aja paring deduka, temah kowe tumpes ana ing dedalan, amarga bebendune gampang banget anggone mulad-mulad. Rahayu sakehing wong kang ngungsi marang Panjenengane!
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform