Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud. Aku ngayom marang Sang Yehuwah, kepriye dene kowe padha wani kandha marang aku: “Mabura menyang gunung kaya manuk!”
2
Awit delengen, wong duraka padha menthang gandhewa, panahe dietrapake ing sendheng, sumedya dilepasake marang wong kang burus atine ana ing panggonan kang peteng.
3
Samangsa tetalese padha dibubrahi, wong mursid iku bisa nindakake apa?
4
Sang Yehuwah ana ing padalemane kang suci; Sang Yehuwah dhampare ana ing swarga; tingale maspadakake, kedheping tingale niti-priksa anaking manungsa.
5
Sang Yehuwah ndadar wong mursid lan wong duraka, lan gething marang wong duraka, kang seneng tumindak keras.
6
Wong duraka padha diudani areng mengangah lan welirang; angin kang nggesengake ngebaki tuwunge.
7
Amarga Sang Yehuwah iku adil; remen marang kaadilan: wong kang burus atine bakal nyawang wedanane.