Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Kang kawolu. Masmur anggitane Prabu Dawud. (12-2) Dhuh Yehuwah mugi karsaa paring pitulungan, awit sampun boten wonten tiyang mursid, tiyang setya sampun sirna saking ing antawisipun anaking manungsa.
(12-4) Muga-muga Pangeran numpes sakehing lambe lamis lan ilat kang umuk-umukan,
4
(12-5) yaiku kang padha ngucap mangkene: “Kalawan ilatku aku padha menang! Lambeku kang mbiyantu aku! Sapa kang mrentah aku?”
5
(12-6) Jalaran wong kang ringkih padha katindhes, lan marga saka pangrintihe para wong mlarat Ingsun saiki uga jumeneng, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, sarta mitulungi wong kang banget anggone ngantu-antu marang pitulungan.
6
(12-7) Pangandikane Sang Yehuwah iku Sabda kang murni, kayadene selaka kang binesot, rinesikan ambal ping pitu ana ing kowi ing bumi.
7
(12-8) Dhuh Yehuwah, Paduka badhe netepi, kawula tansah badhe Paduka ayomi, Paduka uwalaken saking jinis punika.
8
(12-9) Para wong duraka padha klambrangan mrana-mrana, samangsa budi kang nistha jumedhul ing satengahing anaking manungsa.