Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud. Wong punggung mosik ing sajroning atine: “Ora ana Allah.” Apa kang dilakoni iku jember lan nistha, ora ana kang nglakoni kabecikan.
2
Saka ing swarga Sang Yehuwah mirsani mangisor marang para anaking manungsa, karsa nguningani apa ana kang kadunungan akal budi lan ngupaya Gusti Allah.
3
Wus padha nyimpang kabeh, kabeh wus bejad ora ana kang gawe becik, sijia bae ora ana.
4
Apa ora rumangsa kabeh wong kang padha nglakoni piala, kang padha mangsa umatingSun nganti entek kayadene mangan roti bae, lan kang ora nyebut marang Sang Yehuwah?
5
Ana ing kana padha ketaman ing pagiris kang banget, amarga Gusti Allah ana ing satengahe golongane wong mursid.
6
Kowe padha bisa ngerang-erang kekarepane wong kang katindhes, nanging Sang Yehuwah jumeneng dadi pangayomane.
7
Muga-muga karahayoning Israel laira saka ing Sion! Samangsa Sang Yehuwah mulihake kaanane umate, Yakub bakal asurak-surak, Israel bakal suka rena.