Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi karsaa mirsani, karsaa paring wangsulan dhumateng kawula; mripat kawula kapadhangna supados kawula sampun ngantos katileman lajeng pejah;
5
tuwin supados satru kawula sampun ngantos wicanten makaten: “Wus daksorake,” punapa malih mengsah kawula sampun ngantos surak-surak, manawi kawula keguh.
6
Nanging kawula kumandel dhumateng sih-kadarman Paduka, manah kawula abingah-bingah margi saking pitulungan Paduka. Aku arep kekidungan kagem Sang Yehuwah, amarga wus paring kasaenan marang aku.