Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. (21-2) Dhuh Yehuwah, Sang Prabu suka rena margi saking pangwaos Paduka, sanget ing bingahipun margi saking kaunggulan peparing Paduka!
2
(21-3) Sapangesthining panggalihipun sampun Paduka paringi, saha panyuwun ingkang kawedal saking lathinipun boten Paduka tampik. (Selah)
3
(21-4) Dene sampun Paduka pethuk kalayan berkah ingkang luber; saha Paduka agemi makutha kancana murni ing mastakanipun.
4
(21-5) Panjenenganipun nyuwun gesang dhumateng Paduka; lajeng Paduka paringi, ugi sampun Paduka paringi yuswa panjang ing salajengipun saha ing salaminipun.
5
(21-6) Kaluhuranipun linangkung margi saking kaunggulan peparing Paduka, punapa dene Paduka paringi kaunggulan kaliyan kamulyan.
6
(21-7) Panjenenganipun Paduka dadosaken berkah ing salaminipun; Paduka kebaki ing kabingahan wonten ing ngarsa Paduka.
7
(21-8) Amargi Sang Prabu kumandel dhumateng Sang Yehuwah, saha margi saking sih-kadarmanipun Ingkang Mahaluhur panjenenganipun boten keguh.
8
(21-9) Asta Paduka badhe namani sakathahipun mengsah Paduka, ingkang sengit dhumateng Paduka sami badhe ketaman ing asta Paduka ingkang tengen
9
(21-10) sami badhe Paduka dadosaken kadosdene pawon murub, samangsa Paduka ngatingal, dhuh Yehuwah. Bebendunipun Yehuwah badhe nguntal tiyang wau sedaya, sarta sami badhe kamangsa ing latu.
10
(21-11) Turunipun badhe Paduka sirnakaken saking bumi, tuwin tedhak turunipun saking antawisipun para anaking manungsa.
11
(21-12) Manawi badhe damel cilaka panjenengan dalem, sarta nganam-anam piawon, sami tanpa daya.
12
(21-13) Malah badhe Paduka damel sami lumajeng sadaya, sendhenging gandhewa Paduka, Paduka arahaken dhateng rainipun.
13
(21-14) Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng kanthi pangwaos Paduka! Kawula lajeng sami ngidung saha ngrepekaken masmur tumuju dhateng ing kasantosan Paduka.