Psa 22

? AI
1
Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Menjangan wadon ing wayah bangbang wetan. Masmur anggitane Prabu Dawud. (22-2) Dhuh Allah kawula, Allah kawula, punapaa dene kawula Paduka tegakaken? Kawula munjuk kalayan sora, nanging Paduka tetep tebih saha boten mitulungi kawula.
2
(22-3) Dhuh Allah kawula, ing wanci siyang kawula sesambat, nanging Paduka boten paring wangsulan, ing wanci dalu makaten ugi, nanging kawula inggih boten tentrem.
3
(22-4) Mangka Paduka punika Ingkang Mahasuci ingkang lenggah ing dhamparing kidung-pangalembananipun Israel.
4
(22-5) Para leluhur kawula sami kumandel dhumateng Paduka; sami kumandel dhumateng Paduka, nunten Paduka luwari;
5
(22-6) Paduka ingkang dipun sebut, lajeng Paduka entasaken; sami pitados dhumateng Paduka, lan sami boten kawirangan.
6
(22-7) Nanging kawula punika cacing, sanes manungsa, dados cacadaning tiyang, cinampahan ing tiyang kathah.
7
(22-8) Tiyang ingkang nyawang dhateng kawula sami moyoki sadaya, kalawan ngencepi tuwin gedheg-gedheg, tembungipun makaten:
8
(22-9) “Wong sumendhe marang Sang Yehuwah, cikben dientasake ing Panjenengane, cikben Panjenengane kang ngluwari! Wong iku rak dadi renaning panggalihe ta?”
9
(22-10) Inggih, saestu Paduka ingkang nglairaken kawula saking guwa garba; Paduka ingkang murugaken kawula tentrem wonten ing dhadhanipun biyung kawula.
10
(22-11) Wiwit lair mila kawula kasaosaken dhumateng Paduka, wiwit nalika kawula wonten ing kandhutaning biyung kawula, Paduka dados Allah kawula.
11
(22-12) Mugi-mugi Paduka sampun ngantos nebihi kawula, amargi kasisahan sampun celak, mangka boten wonten ingkang mitulungi.
12
(22-13) Lembu-lembu jaler kathah ingkang sami ngrubung kawula; kawula kinepang ing lembu-lembu jaler saking Basan;
13
(22-14) anggenipun sami ngangapaken cangkemipun dhateng kawula prasasat singa ingkang nubruk lan nggero.
14
(22-15) Kawula ingesokaken kados toya, sakathahing balung kawula sami pisah saking ros-rosanipun; manah kawula kados lilin, leleh wonten ing batos kawula;
15
(22-16) kakiyatan kawula garing kados beling, ilat kawula kraket ing cethak kawula, sarta Paduka ingkang nyelehaken kawula wonten ing lebuning pejah.
16
(22-17) Amargi kawula karubung ing segawon, grombolaning durjana ngepang kawula, sami nyuduki tangan saha suku kawula.
17
(22-18) Balung-balung kawula saged kawula etang sadaya; tiyang-tiyang sami ningali, sami nyawang kawula.
18
(22-19) Sandhangan kawula sami dipun dumdum, saha jubah kawula dipun gebag ing dhadhu.
19
(22-20) Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, mugi Paduka sampun nebih saking kawula; dhuh karosan kawula, mugi enggal karsaa mitulungi kawula!
20
(22-21) Kawula mugi Paduka uwalaken saking pedhang, saha nyawa kawula saking cengkeremaning segawon.
21
(22-22) Mugi ngluwari kawula saking cangkeming singa, tuwin saking singating bantheng. Paduka sampun paring wangsulan dhumateng kawula!
22
(22-23) Kawula badhe martosaken asma Paduka dhateng para sadherek kawula, Paduka badhe kawula puji wonten ing tengahipun pasamuwan:
23
(22-24) he para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah, padha nyaosna puji marang Panjenengane, he sakehing turune Yakub, padha nyaosna urmat marang Panjenengane; he sakehing turune Israel, padha duwea wedi asih marang Panjenengane.
24
(22-25) Amarga Panjenengane ora mastani asor lan ora jijik marang kanisthane wong kang katindhes, sarta ora ngaling-alingi wedanane, lan miyarsakake nalikane wong mau sesambat nyuwun tulung marang Panjenengane.
25
(22-26) Margi saking Paduka kawula memuji-muji wonten ing pasamuwan ingkang ageng; nadar kawula badhe kawula luwari wonten ing ngajengipun para tiyang ingkang sami ngabekti dhumateng Paduka.
26
(22-27) Wong andhap asor bakal padha mangan nganti wareg, wong kang ngupaya Sang Yehuwah bakal ngalembana Panjenengane; atimu cikben urip ing salawase!
27
(22-28) Poncot-poncoting bumi bakal eling marang iku lan banjur mratobat marang Sang Yehuwah; Para bangsa turun-tumurun badhe sami sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka.
28
(22-29) Amarga Sang Yehuwah kang kagungan karaton, Panjenengane kang ngereh bangsa-bangsa.
29
(22-30) Wong gumedhe ing bumi bakal padha sujud nyembah kabeh marang Panjenengane, para wong kang tumurun ing lebu lan ora bisa nyambung uripe bakal padha jengkeng ana ing ngarsane.
30
(22-31) Para tedhak-turune padha ngabekti marang Panjenengane, sarta martakake bab Sang Yehuwah marang para turune.
31
(22-32) Iku kabeh bakal padha martakake kaadilane marang bangsa kang mengko bakal lair, marga iku wus katindakake dening Panjenengane.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform