Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah peparang kawula, kawula sesambat dhumateng Paduka, mugi sampun ngendelaken kawula, sabab manawi Paduka ngendelaken kawula, kawula lajeng kadosdene tiyang ingkang mandhap dhateng kubur.
2
Paduka mugi karsaa miyarsakaken swantening panyuwun kawula, manawi kawula sesambat dhumateng Paduka nyuwun tulung, tuwin njunjung tangan kawula ngener dhateng padaleman Paduka ingkang mahasuci.
3
Kawula sampun ngantos Paduka sered sesarengan kaliyan tiyang duraka, utawi ingkang nglampahi awon, ingkang tangkepipun sae dhateng sesaminipun, nanging manahipun kebak piawon.
4
Punika mugi sami Paduka wales satimbang kaliyan pandamelipun, saha manut pratingkahipun ingkang awon; mugi Paduka ganjar laras kaliyan pakartining tanganipun sarta kadhawahana piwales punapa ingkang katindakaken punika.
5
Amarga padha ora nggatekake marang pakaryaning Yehuwah, sarta apa kang katindakake dening astane, mulane bakal padha katibakake lan ora ditangekake maneh.
6
Pinujia Sang Yehuwah, awit wus miyarsakake swaraning pasambatku.
7
Sang Yehuwah iku kakuwatanku lan tetamengku, atiku kumandel marang Panjenengane. Aku wus kapitulungan, mulane atiku bungah-bungah, sarta aku ngunjukake panuwun marang Panjenengane kalawan kekidungan.
8
Sang Yehuwah iku dadi kasantosaning umate, Panjenengane dadi beteng karahayon tumrap wong kang dijebadi!
9
Paduka mugi karsaa ngluwari umat Paduka, tuwin karsaa mberkahi kagungan Paduka piyambak, mugi Paduka angen sarta Paduka panggul ing salami-laminipun.