Anggitane Prabu Dawud. He para kang manggon ing swarga, pratelakna manawa Sang Yehuwah, ya mung Sang Yehuwah iku kang kagungan kamulyan lan kakiyatan!
2
Sang Yehuwah kasaosana kaluhuraning asmane, padha sujuda marang Sang Yehuwah kanthi rinengga ing kasucen!
3
Swantene Sang Yehuwah ana ing sadhuwuring banyu, Gusti Allah kang mulya gumludhug, Sang Yehuwah ing sadhuwuring banyu gedhe.
4
Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan, swantene Sang Yehuwah kebak kamulyan.
5
Swantene Sang Yehuwah nugelake wit eres, malah wit eres ing Libanon padha dirubuhake dening Sang Yehuwah.
6
Panjenengane andadosake gunung Libanon mlumpat-mlumpat kaya pedhet, lan gunung Siryon kaya pedheting bantheng.
7
Swantene Sang Yehuwah nyemburake geni mulad-mulad.
8
Swantene Sang Yehuwah ngoregake pasamunan, Sang Yehuwah ngoregake ara-ara samun Kadesy.
9
Swantene Sang Yehuwah njalari menjangan meteng padha manak, malah njalari alas-alas padha gundhul, sarta kang ana ing padalemane padha nguwuh: “Linuhurna!”
10
Sang Yehuwah lenggah ing sadhuwuring banjir, Sang Yehuwah jumeneng Raja ing salawas-lawase.
11
Sang Yehuwah muga karsaa paring kakuwatan marang umate, Sang Yehuwah muga karsaa mberkahi umate kalawan tentrem rahayu.