Psa 47

? AI
1
Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Masmur. (47-2) He para bangsa kabeh, padha keplok-keploka, padha methuka Gusti Allah kalawan surak-surak!
2
(47-3) Awit Pangeran Yehuwah Kang Mahaluhur iku nggegirisi, sarta jumeneng Ratu Agung ana ing salumahing bumi.
3
(47-4) Para bangsa padha ditelukake marang kita, sarta para suku bangsa padha disorake ana ing tlapakan kita.
4
(47-5) Kita padha kapilihake tanah-pusaka kita, kang digung-gungake dening Rama Yakub, kekasihe. (Selah)
5
(47-6) Gusti Allah wus sumengka ingiring ing surak rame, iya Sang Yehuwah iku sumengka kalawan kairing ing swaraning kalasangka.
6
(47-7) Gusti Allah padha saosana kekidungan masmur, padha saosana kekidungan masmur. padha ngidunga masmur kagem ratu kita, padha ngidunga masmur!
7
(47-8) Amarga Gusti Allah iku Ratu ing salumahing bumi, padha ngidunga masmur, kidung piwulang!
8
(47-9) Gusti Allah iku ngratoni para bangsa, sarta lenggah ing dhampare kang suci.
9
(47-10) Para panggedhening bangsa-bangsa padha ngumpul, kang padha dadi umate Allahe Rama Abraham. Sabab tameng-tamenging bumi iku kagungane Gusti Allah, Panjenengane iku banget anggone kaluhurake.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform