Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh. (48-2) Pangeran Yehuwah iku Mahaagung lan luwih dening pinuji-puji ana ing kuthane Gusti Allah kita!
2
(48-3) Gununge kang suci, kang munggul endah, iku minangka kasenenganing sajagad rat; gunung Sion iku prenahe adoh ing sisih lor, kuthane Sang Nata Agung.
3
(48-4) Ana ing kadhaton-kadhatone Gusti Allah nedahake manawa Panjenengane iku dadi beteng.
4
(48-5) Amarga awasna, para raja padha ngumpul, sarta padha bebarengan mangsah nempuh;
5
(48-6) bareng padha ndeleng marang kutha iku padha kaebatan; kaget, banjur padha mlayu sarsaran.
6
(48-7) Dumadakan padha geter ana ing kono, padha lara kaya wong wadon kang nglarani arep duwe anak.
7
(48-8) Paduka ngremuki baita-baita Tarsis, kaliyan prahara saking wetan.
8
(48-9) Kayadene pangrungu kita, iya kaya mangkono pandeleng kita, ana ing kuthaning Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, ing kuthaning Allah kita; Gusti Allah kang nyantosakake iku langgeng ing salawase. (Selah)
9
(48-10) Dhuh Allah, wonten ing padaleman Paduka, kawula sami ngenget-enget dhateng sih-kadarman Paduka.
10
(48-11) Dhuh Allah, kadosdene asma Paduka, makaten ugi misuwur Paduka, ngantos dumugi ing pungkasaning bumi, asta tengen Paduka kebak kaadilan.
11
(48-12) Redi Sion kajengipun abingah-bingah; para putrinipun Yahuda kajengipun asurak-surak margi saking paukuman Paduka!
12
(48-13) Padha lumakua ngubengi Sion, padha ngubengana sakempute, etungen menarane,
13
(48-14) tamatna balowartine, dlajahana kraton-kratone, supaya kowe padha bisa nyaritakake marang anak-putu.
14
(48-15) Sanyatane iki Gusti Allah, iya Panjenengane iku Allah kita ing sabanjure lan ing salawase! Iya Panjenengane iku kang nuntun kita.