Psa 56

? AI
1
Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Manuk dara ing wit terbantin kang adoh. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika panjenengane dicekel bangsa Filisti ana ing kutha Gat. (56-2) Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, margi tiyang-tiyang sami ngidak-idak kawula, sarta kawula dipun perangi saha dipun pepetaken sadinten muput.
2
(56-3) Mengsah-mengsah kawula sami ngidak-idak kawula sadinten muput, malah kathah tiyang ingkang nglawan kawula kalayan gumunggung.
3
(56-4) Manawi kawula ajrih, kawula punika kumandel dhumateng Paduka;
4
(56-5) Gusti Allah, kang pangandikane dakalembana, iya Gusti Allah iku kang dakandelake, mulane aku ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku?
5
(56-6) Sadinten-dinten sami ngruwedaken prakawis kawula, sami tansah gadhah kekajengan badhe nandukaken piawon dhateng kawula,
6
(56-7) sami badhe nempuh, ngintip saha ngawasaken dhateng lampah kawula, kados tiyang ingkang sami ngangkah dhateng nyawa kawula.
7
(56-8) Tiyang wau punapa saged oncat, manawi ngengeti durakanipun wau? Dhuh Allah, para bangsa mugi sami Paduka rebahaken klayan bebendu Paduka.
8
(56-9) Kasangsaran kawula punika Paduka ingkang ngetang-etang, luh kawula Paduka rimat wonten ing impes Paduka; sadaya rak sampun sami Paduka cathet wonten ing Kitab Paduka?
9
(56-10) Mungsuhku banjur padha mundur nalika aku sesambat, aku yakin yen Gusti Allah nunggil karo aku.
10
(56-11) Gusti Allah, kang sabdane dakegungake, Pangeran Yehuwah, kang sabdane dakegungake.
11
(56-12) Gusti Allah, kang dakendelake, mulane aku ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku?
12
(56-13) Dhuh Allah, nadar kawula badhe kawula tetepi wonten ing ngarsa Paduka, kawula badhe ngaturaken kurban panuwun dhumateng Paduka.
13
(56-14) Amargi Paduka sampun ngluwari nyawa kawula saking pejah, malah njagi suku kawula, satemah boten kesandhung; mila kawula saged lumampah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, ing pepadhanging gesang.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform