Psa 57

? AI
1
Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika lumajeng saka ing ngarsane Sang Prabu Saul menyang ing guwa. (57-2) Kawula mugi Paduka welasi, dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, awit namung Paduka ingkang dados pangaubaning nyawa kawula; kawula ngayom wonten ing sangandhaping swiwi Paduka, ngantos bebaya punika sampun mengker.
2
(57-3) Aku sesambat marang Gusti Allah Kang Mahaluhur, Gusti Allah ngrampungi prakaraku.
3
(57-4) Gusti Allah muga karsaa utusan saka ing swarga ngluwari aku, lan mirang-mirangake wong kang ngidak-idak aku. (Selah) Gusti Allah muga karsaa ngintunake sih-kadarman lan kabenerane.
4
(57-5) Aku ngleleh ana ing tengah-tengahing singa-singa, kang dhemen nubruk anak-anaking manungsa, kang untune kaya tumbak lan panah, sarta kang ilate kaya pedhang landhep.
5
(57-6) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa nedahaken kaluhuran Paduka, ngantos dumugi ing sanginggiling langit, sarta kamulyan Paduka mugi nglangkungana salumahing bumi.
6
(57-7) Lakuku padha dipasangi kala-jiret, nyawaku ditungkulake, padha ndhudhuk luwangan ana ing ngarepku, nanging banjur padha kecemplung dhewe ana ing kono. (Selah)
7
(57-8) Manah kawula sampun cumawis, dhuh Allah, manah kawula sampun cumadhang, kawula badhe ngrerepi, kawula badhe ngidung masmur.
8
(57-9) He nyawaku, tangia, tangia, he slukat lan clempung, aku arep nggugah bangbang wetan!
9
(57-10) Paduka badhe kawula puji wonten ing satengahipun para bangsa, dhuh Pangeran, Paduka badhe kawula kidungaken masmur wonten ing satengahipun para suku bangsa.
10
(57-11) Awit sih-kadarman Paduka luhuripun sundhul ing akasa, sarta kaleresan Paduka sundhul ing mega.
11
(57-12) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken kaluhuran Paduka ngantos dumugi ing sanginggiling langit, saha kamulyan Paduka mugi nglangkungana salumahing bumi.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform