1 Masmur anggitane Asaf. Gusti Allah jumeneng ana ing parepatan ilahi, ana ing satengahing para allah Panjenengane nindakake pangadilan:
2 “Nganti sepira suwene anggonira padha ngadili kalawan ambek-siya, sarta ngrewangi marang wong duraka? (Selah)
3 Wong kang sekeng lan bocah lola padha wenehana adil, wong kasangsaran lan kacingkrangan padha belanana wewenange.
4 Wong kang sekeng lan kang mlarat padha pitulungana, luwarana saka ing tangane wong duraka.”
5 Iku wong kang padha ora sumurup lan ora ngreti apa-apa, padha lumaku ana ing pepeteng; sakehing tetalese bumi padha gonjang-ganjing.
6 Ingsun wus ngandika mangkene: “Sira kabeh iku allah, lan padha dadi putrane Kang Mahaluhur. --
7 Nanging sira bakal padha mati kayadene manungsa, lan bakal tiwas kayadene salah sawijining panggedhe.”
8 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa jumeneng ngadili bumi, amargi sakathahipun bangsa punika kagungan Paduka.”