1 Masmur anggitane Asaf: sawijining kekidungan. (83-2) Dhuh Allah, Paduka mugi sampun kendel mugi karsaa ngandika, saha sampun nganggur, dhuh Allah!
2 (83-3) Amargi mengsah Paduka sami gumuruh, tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka sami nglangak kumethak,
3 (83-4) sami ngrantam paekan nglawan Paduka, sarta sami sakuthon badhe nglawan para ingkang Paduka ayomi.
4 (83-5) Wicantenipun makaten: “Ayo kita padha nyirnakake bangsa iku supaya jenenge Israel ora kocap maneh!”
5 (83-6) Saestu, sampun sami ngrantam kalayan saiyeg, sami damel prajanjian nglawan Paduka:
6 (83-7) Para ingkang sami manggen ing kemahipun bangsa Edom, lan Ismael, Moab kaliyan Hagar,
7 (83-8) Gebal lan Amon tuwin Amalek, Filisti sesarengan kaliyan tiyang ing Tirus,
8 (83-9) ugi Asyur sami manunggil kaliyan tiyang-tiyang wau, sami dados bebantunipun darah Lut. (Selah)
9 (83-10) Sedaya punika sami kadamela kadosdene bangsa Midian, kados Sisera tuwin Yabin wonten ing sacelakipun lepen Kisyon,
10 (83-11) ingkang sampun sami katumpes wonten ing Endor, sami dados rabuking siti.
11 (83-12) Para pangagengipun sami kadamela kados Oreb kaliyan Zeeb, saha sakathahing pemimpinipun kados Zebah lan Salmunah,
12 (83-13) ingkang sami wicanten: “Payo padha ngejegi papan-papan padalemaning Allah.”
13 (83-14) Dhuh Allah kawula, tiyang punika sami kadadosna kados dhedhak ingkang mabul-mabul, kados mrambut ingkang kabur ing angin.
14 (83-15) Kados latu ingkang mbesmi wana, saha kados urubing latu ingkang nggesengaken redi-redi,
15 (83-16) sami kaoyaka kaliyan prahara Paduka, tuwin kadamela kaget kaliyan lesus Paduka.
16 (83-17) Rainipun sami kasasabana ing wirang, supados sami ngupadosana asma Paduka, dhuh Yehuwah.
17 (83-18) Kajengipun sami nandhang wirang sarta kaget ing salaminipun, sami kawirangna saha lejeng sami tumpes,
18 (83-19) supados sami sumerepa, bilih namung Paduka ingkang asma Yehuwah, Ingkang Mahaluhur tuwin misesani ing salumahing bumi.