Psa 85

? AI
1
Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane bani Korakh. (85-2) Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngatingalaken keparenging panggalih Paduka dhumateng tanah Paduka, kewontenanipun trahipun Rama Yakub sampun Paduka pulihaken.
2
(85-3) Paduka sampun ngapunten kalepatanipun umat Paduka, sakathahing dosanipun sampun Paduka tutupi. (Selah)
3
(85-4) Sakathahing deduka Paduka sampun Paduka sirep, bebendu Paduka ingkang mulad-mulad sampun Paduka lilihaken.
4
(85-5) Dhuh Allah, Pamarta kawula, kawula mugi sami Paduka pulihaken, Paduka mugi karsaa ngicali gerahing panggalih Paduka tumrap kawula.
5
(85-6) Kawula punapa sami badhe Paduka dukani ing salaminipun, saha anggen Paduka duka punapa badhe Paduka lajengaken ngantos turun-tumurun?
6
(85-7) Punapa Paduka boten karsa nggesangaken kawula sadaya malih, supados umat Paduka saged bingah-bingah margi saking Paduka?
7
(85-8) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken sih-susetya Paduka dhumateng kawula sadaya, saha karsaa maringi karaharjan Paduka dhumateng kawula sadaya.
8
(85-9) Aku arep ngrungokake apa kang dadi pangandikaning Allah, Pangeran Yehuwah. Rak tentrem rahayu kang bakal didhawuhake marang umate lan marang para kekasihe, supaya aja nganti bali marang ing kapunggungane maneh?
9
(85-10) Sanyata, karaharjan kang saka ing Pangeran iku cepak tumrap wong kang wedi-asih marang Panjenengane, satemah nagara kita kadunungan kamulyan.
10
(85-11) Sih lan kasetyan bakal padha tempuk kaadilan lan katentreman bakal padha ambung-ingambung.
11
(85-12) Kasetyan bakal tuwuh saka ing bumi, lan kaadilan bakal ngawat-awati saka ing langit.
12
(85-13) Tur Pangeran Yehuwah bakal paring samubarang kang becik, sarta nagara kita bakal ngwenehake pametune.
13
(85-14) Kaadilane bakal lumaku ana ing ngarsane, sarta tapak-tilasing sampeyane kadadekake dalan.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform