Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Gitit. Masmur anggitane bani Korakh. (84-2) Iba anggenipun nengsemaken padaleman Paduka, dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah.
2
(84-3) Nyawa kawula rempu margi kangen dhateng plataranipun Pangeran Yehuwah, manah kaliyan raga kawula sami asumyak-sumyak tumuju dhumateng Gusti Allah ingkang gesang.
3
(84-4) Dalah peksi greja sampun manggih griya, lan peksi kedhali manggih susuh, kangge nyelehaken anakipun, wonten ing misbyah Paduka, dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Ratu kawula saha Gusti Allah kawula.
4
(84-5) Rahayu tiyang ingkang sami manggen ing padaleman Paduka, saha tansah ngluhuraken asma Paduka. (Selah)
5
(84-6) Rahayu tiyang ingkang karosanipun wonten ing Paduka, ingkang gadhah niyat badhe jiyarah.
6
(84-7) Manawi lumampah wonten ing lebak Baka, punika kadadosaken panggenan ingkang wonten sumberipun; tur sinasaban ing berkahing jawah kapisan.
7
(84-8) Lampahipun saya dangu saya kiyat, badhe sowan ing ngarsanipun Gusti Allah ing Sion.
(84-11) Wonten ing plataran Paduka sadinten punika prayoginipun nglangkungi sewu dinten wonten ing sanes panggenan; kawula milaur ngadeg ing korining padalemanipun Allah kawula, punika langkung sae katimbang kaliyan manggen wonten ing kemahipun tiyang duraka.
11
(84-12) Amarga Pangeran Yehuwah Allah iku dadi sesurya lan tetameng; Panjenengane maringi sih lan kamulyan; wong kang lakune tanpa cacad ora dicukengi ing bab samubarang kang becik.
12
(84-13) Dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah, rahayu tiyang ingkang kumandel dhumateng Paduka.