Psa 95

? AI
1
Ayo padha surak-surak ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, surak-surak kagem Paranging karahayon kita.
2
Ayo padha methukake wedanane kalawan kidung pamuji sokur, surak-surak kanthi pangidung masmur ana ing ngarsane.
3
Awitdene Pangeran Yehuwah iku Allah kang agung, sarta Raja agung kang ngungkuli sakehing allah.
4
Telenging bumi ana ing astane, pucaking gunung-gunung iku uga kagungane.
5
Segara uga kagungane, Panjenengane kang nitahake, sarta astane kang yasa dharatan.
6
Lumebua, payo padha tumungkul sujud, padha jengkeng ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, kang nitahake kita,
7
awit Panjenengane iku Gusti Allah kita, kita iku padha umat ngen-ngenane, papanthan wedhus reh-rehane. Ing dina iki kowe bok ya padha ngrungokake swarane!
8
Sira aja mangkotake atinira kaya nalika ana ing Meriba, kaya ing dina nalika ana ing Masa ana ing pasamunan,
9
nalika leluhurira padha nyoba marang Ingsun, padha ndadar Ingsun, sanadyan wus padha ndeleng pakaryaningSun.
10
Patang puluh taun lawase enggoningSun pegel ing galih ing bab jinis iku. PangandikaningSun: “Iku bangsa kang kesasar atine, padha ora nyumurupi dalan pitedahingSun.”
11
Mulane Ingsun wus supaos ing sajroning dukaningSun: “Wong-wong iku mesthi padha ora bakal lumebu ing padalemaningSun.”
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform