Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah kalawan kidung anyar, he wong salumahing bumi, padha ngidunga kagem Pangeran Yehuwah!
2
Padha ngidunga kagem Sang Yehuwah, luhurna asmane, peparinge karahayon iku wartakna ing sadina-dina.
3
Padha nyaritakna kamulyane ana ing antarane para bangsa, lan kaelokane ana ing antarane sakehing suku bangsa.
4
Amarga Pangeran Yehuwah iku mahaagung lan banget pinuji-puji, sarta nggegirisi ngungkuli sakehing para allah.
5
Ujer sakehing allahe para bangsa iku tanpa guna, nanging Pangeran Yehuwah iku kang nitahake langit,
6
kaagungan lan kamulyan ana ing ngarsane, karosan lan kaurmatan ana ing papan pasucene.
7
He sakehing para suku bangsa, marang Pangeran Yehuwah, iya mung marang Pangeran Yehuwah kamulyan lan karosan iku!
8
Pangeran Yehuwah caosana kamulyaning asmane, nggawaa pisungsung lan sebaa marang ing platarane.
9
Padha sujuda marang Sang Yehuwah kalawan manganggo kasucen, he sawrataning bumi kabeh, gumetera ana ing ngarsane.
10
Padha undhangna ana ing antarane para bangsa: “Pangeran Yehuwah iku Raja! Sanyata jagad iku madeg santosa, ora goyang, Panjenengane bakal ngadili para bangsa kalawan kabeneran.”
11
Langit kareben bungah-bungah, lan bumi surak-surak, sarta segara dalah saisine kareben padha gumuruh!
12
Ara-ara dalah saisine kareben sukarena; ing kono sakehing wit-witan ing alas padha surak-surak,
13
ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, amarga Panjenengane rawuh, sabab rawuhe bakal ngadili jagad, jagad bakal dihakimi kalawan adil, lan para bangsa kalawan kasetyane.