Masmur anggitane Prabu Dawud. Kawula badhe ngidungaken sih-susetyan lan angger-angger, kawula badhe ngrepekaken masmur kagem Paduka, dhuh Yehuwah.
2
Kawula badhe migatosaken gesang ingkang tanpa cacad: Benjing punapa Paduka badhe nedhaki kawula? Kawula badhe gesang kanthi manah ingkang resik wonten ing griya kawula.
3
Kawula boten badhe manah dhateng prakawis ingkang awon, pandamelipun tiyang murtad punika kawula sengiti, boten badhe wonten ingkang lumengket dhateng kawula.
4
Manah ingkang cidra badhe sumingkir saking kawula, kawula boten badhe purun tepang kaliyan piawon.
5
Tiyang ingkang bebisikan ngawon-awon dhateng sasaminipun, punika badhe kawula tumpes, tiyang ingkang kumalungkung saha kumaluhur-luhur manahipun, punika kawula boten remen.
6
Mripat kawula mandeng dhateng tiyang ingkang sami tuhu-setya wonten ing nagari, supados sami manggen nunggil kaliyan kawula. Tiyang ingkang tanpa cacad lampahipun, punika badhe ngladosi kawula.
7
Tiyang ingkang lampah culika boten badhe manggen ing griya kawula, sinten ingkang dora-cara boten badhe tetep wonten ing ngajeng kawula.
8
Saben enjing kawula badhe numpes sakathahing tiyang duraka, ingkang wonten ing nagari; sakathahing tiyang ingkang lampah awon, badhe kawula sirnakaken saking kithaning Yehuwah.