Psa 102

? AI
1
Pandongane wong sangsara nalika lesu-lesah lan banjur ngesokake pasambate ana ing ngarsaning Sang Yehuwah. (102-2) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, anggen kawula sesambat nyuwun pitulungan mugi sageda dumugi ing ngarsa Paduka.
2
(102-3) Mugi sampun nyingidaken wedana Paduka tumrap kawula ing dinten karubedan kawula. Mugi karsaa ngenglengaken talingan Paduka dhateng kawula; manawi kawula sesambat mugi enggal kersaa paring wangsulan!
3
(102-4) Amargi dinten-dinten kawula telas kados kukus, balung kawula sami mengangah kados prapen.
4
(102-5) Manah kawula pinupuh sarta alum kados rumput, ngantos kawul kasupen nedha roti kawula.
5
(102-6) Margi saking pasambat kawula ingkang sora kawula ngantos kantun lunglit.
6
(102-7) Kawula sampun kados peksi kontul wonten ing ara-ara samun, saha peksi beluk wonten ing jugrugan.
7
(102-8) Kawula boten saged tilem lan sampun dados kados peksi kepencil wonten ing payon.
8
(102-9) Sadinten muput kawula dipun uman-uman dening para satru kawula, tiyang ingkang sami damel dolanan kawula supaos kaliyan nyebut nama kawula.
9
(102-10) Awit kawula nedha awu kadosdene roti, saha omben-omben kawula, kawula campuri luh.
10
(102-11) Ingkang makaten punika margi saking deduka lan bebendu Paduka, kawula Paduka junjung lajeng Paduka simpar.
11
(102-12) Dinten-dinten kawula kados ayang-ayangan sangsaya panjang, saha kawula piyambak alum kados rumput.
12
(102-13) Nanging, dhuh Yehuwah, Paduka ingkang adhedhampar ing salaminipun, sarta asma Paduka tetep turun-tumurun.
13
(102-14) Paduka piyambak badhe jumeneng paring piwelas dhateng Sion, amargi sampun dumugi titimangsanipun kaparingan sih, sampun dumugi ing wancinipun.
14
(102-15) Awit para abdi Paduka sami remen dhateng sela-selanipun, sarta sami ngraos mesakaken dhateng reremukanipun.
15
(102-16) Para bangsa banjur padha ering marang asmaning Pangeran Yehuwah, sarta sakehing para raja ing salumahing bumi marang kaluhurane,
16
(102-17) manawa Sang Yehuwah wus mbangun Sion lan wus ngatingal kalawan ngagem kamulyane
17
(102-18) sarta wus miyarsakake marang pandongane para wong kang nandhang kemlaratan, sarta ora ngremehake marang pandongane.
18
(102-19) Bab iki kareben cinathet kanggo para turun ing tembe, temah bangsa kang katitahake mengko bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah,
19
(102-20) awit Pangeran wus nguningani saka ing pasucene kang luhur, sarta Sang Yehuwah wus mirsani saka ing swarga marang ing bumi,
20
(102-21) prelu miyarsakake pasambate wong tahanan, tuwin ngluwari para wong kang wus cinadhangake marang pati,
21
(102-22) supaya asmaning Sang Yehuwah kawartakake ana ing Sion, tuwin Panjenengane pinuji-puji ana ing Yerusalem,
22
(102-23) samangsa para bangsa lan sakehing karajan nglumpuk, padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah.
23
(102-24) Panjenengane wus munggel kakuwatanku ana ing dalan, lan umurku dicendhakake.
24
(102-25) Aturku mangkene: “Dhuh Gusti Allah kawula, Paduka mugi sampun mundhut kawula ing sapalihing umur kawula! Taun-taun Paduka punika lestantun turun-tumurun!”
25
(102-26) Kala rumiyin Paduka sampun nalesi bumi, saha langit punika yasanipun asta Paduka.
26
(102-27) Punika sadaya badhe lebur, nanging Paduka piyambak ingkang lestantun, tuwin sanes-sanesipun sami lungsed kados pangangge, lan badhe Paduka santuni kados jubah, lajeng sami santun rupi,
27
(102-28) nanging Paduka piyambak boten ewah-gingsir, saha taun-taun Paduka boten badhe wonten watesipun.
28
(102-29) Anakipun para abdi Paduka sami badhe manggen kaliyan tentrem, saha turunipun sami lestantun wonten ing ngarsa Paduka
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform